Page 311 - BUKU III BAHASA JAWA
P. 311

LAMPIRAN 1


                                  BAHAN AJAR












                    Tembung medhar sabdo tegese sesorah utawa pidhato  (Poerwadarminta ing Sutardjo 108: 2013,

                    yaiku  medharake  utawa  njletrehake/ngandharake  pangandikan  utawa  kawigaten  marang

                    sasama/wong liya.  Dene wong kang nindakake medhar sabda diarane pamedhar sabda. Medhar
                    sabda (sesorah ) iku ngendika sangarepe wong akeh kanthi ancas kang gumathok.

                    Medhar sabda iku ana maneka werna jinise, ana kang umum, ana kang rowa, ringkes, ana kang
                    prasaja, rinengga, manut kebutuhan lan kahanan sarta ancasing rembug. Upamane medhar sabda

                    ing upacara manton, supitan utawa tetesan, sepasaran bayi, kasripahan lan sapanunggalane. Mula
                    pawongan sing kerep kajibah ngaturake sesorah kudu gelem : nyinau unggah-ungguhing basa.
                    Trapsila ing patrap. Ora perlu kemrungsung, lan sapiturute. Cak-cakan utawa dhapuking sesorah

                    iku  maneka  warna  ,  ana  kang  mung  kaleksanakake kanthi  adhedasar  bakuning  surasa. Kanthi
                    cathetan cengkkorongan, ana kang ditulis genep banjur diwacakake lan uga ana kang resmi utawa
                    ora resmi.

                    Basa  sajrone  sesorah  kaudiya  supaya  trep,  tumrap  pamilihe  tembung,  laras,  cetha,  lan  becik
                    dhapukaning ukara jumbuh karo kahanan lan nyenengake , bener, iketaning tembung-tembung

                    manut paugeraning paramasatra.







                    Struktur Teks Pamedharsabda:
                    1.  Pambuka
                              a. Salam pambuka
                              b. Atur pakurmatan marang sing padha rawuh
                              c. Ngaturake pepujen marang Gus
                              d. Ngaturake panuwun marang para kang kepareng rawuh
                              e. Mbabar dhiri
                              f. Nyuwun palilah
                              g. Ngandharake karep minangka dadi pranatacara
                              h. Rantaman Bakune Adicara
                    2. Bakune adicara kang bakal di ndakake ing sawijining adicara kudu diwaca lan
                    diandharake kanthi urut lan runtut, supaya sapa wae sing mangkone duwe jejibahan
                    jroning adicara bisa samapta ing karya lan sawega ing dhiri.
                    3. Panutup
                               a. Nyethakake purnaning adicara lan wusanane
                               b. Ngaturake gunging panuwun dene adicara bisa lumaku kanthi rancag
                               c. Nyuwun pangapura menawa anggone mernata adicara ana kakirangan
                               d. Atur pepujen/sesan
                               e. Salam panutup










                                                                                                                13
   306   307   308   309   310   311   312   313   314   315   316