Page 472 - BUKU III BAHASA JAWA
P. 472
LAMPIRAN 1
BAHAN AJAR
Tembung budaya asale saka basa Sansekerta yaiku buddhayah kang tegese sakabehe bab kang ana
gegayutane karo akal pikirane manungsa. Tembung budaya yen ditegesi kanthi harfiah, yaiku carane urip
bebrayan sawijining klompok wong utawa klompok masyarakat sing diwarisake ing saben generasi. Anane
agama, suku, ras, busana, basa, lan wewangunan kang beda agawe sawijining masyarakat nduweni budaya.
Ewadene yen katiti saka tembung andhahane, kabudayan yaiku asil karyaning cipta lan rasa sawijining
masyarakat. Kabudayan ana kang awujud adat istiadat ing pasrawungan, kesenian tradhisional, lan asil
pakaryan. Adat istiadat iki arupa slametan lan upacara. Kang arupa slametan kayata brokohan, sepasaran,
tedhak siten, sedekah bumi, tingkeban, lan sapanunggalane. Adat istiadat kang arupa upacara kayata adicara
manten, Grebeg Sura, lan liya-liyane. Wondene kang awujud kesenian tradhisional kayata tari Gambyong, tari
Bedaya, Jathilan, reyog Ponorogo, reyog Kendhang Tulungagung,ludruk, kethoprak, wayang purwa, wayang
wong, lan sapiturute. Maneka warna adat istiadat ing Jawa ora liya mung kanggo ngaturake rasa syukur
marang G usti Kang Akarya Jagad supaya bisa mangerteni sekabehe budaya iku ora lita saka Pangeran.
Warga masyarakat Jawa iku kagungan adat istiadat lan nduweni tata cara sasrawungan kang dadi pranata ing
urip bebrayan. Adat istiadat iku bisa awujud pahargyan (upacara), memetri, pengetan, slametan, lan
sapiturute. Adat istiadat pahargyan, pengetan lan slametan ing bebrayan Jawa ana kang katindakake
minangka adicara pribadi lan umum. Adicara kang katindakake pribadi kayata: pahargyan panggih manten,
brokohan, puputan, tedhak siti, supitan/khitanan, sepasaran, selapanan, mitoni, tumbuk ageng,
tingkeban,
mule, nyadran, mitung dina, patang puluhan, satusan, mendhak, nyewu, lan sapiturute. Wondene adat
istiadat pahargyan kang katindakake ing adicara umum lumrahe ana sambung rapete karo adicara keagamaan
lan kabudayan Jawa. Adicara-adicara kasebut minangka asil gabungan (kulturalisasi) ing antarane pahargyan
(upacara) keagamaan lan kabudayan Jawa, kayata: grebeg sura, grebeg maulud/muludan, megengan, bersih
desa, sedhekah bumi, sedhekah laut, lan sapiturute. Maneka warna acara kang ana ing adat istiadat ing Jawa
ora liya mung kanggo ngaturake raos syukur kagem Gusti Ingkang Akarya Jagad supados tansah pinaringan
rahayu wilujeng.
Struktur Laporan:
1. Pambuka
a. Landhesan panaliten (landasan penelitian) kang isine ngenani latar belakang masalah/pengamatan (latar
belakang memilih upacara adat). Kena ngapa milih/ngamati upacara adhat kasebut.
b. Ancase panaliten. Kanggo apa upacara adhat kasebut dijlimeti/diamati.
c. Guna mupangate panaliten (manfaat penelitian).
2. Isi
a. Pangerten (definisi) upacara adhat kang ditaliti.
b. Ancas para warga nindakake upacara kasebut.
c. Sapa wae paraga kang nindakake (terlibat) ing upacara adhat kasebut lan sapa wae sing rawuh.
d. Piranti lan ubarampe kang digunakake ing upacara adhat kasebut.
e. Tata cara nindakake upacara adhat (langkah-langkah/tahapan kegiyatan wiwit purwakaning nganti
paripurnaning adicara).
3. Dudutan lan panyaruwe (kesimpulan dan saran)
a. Dudutan yaiku ringkesan kang wigati saka pengamatan kang ditindakake.
b. Panyaruwe yaiku pituduh lan saruwe (saran) kang katujokake kanggo panaliti dhewe uga kanggo para
panaliti kang nindakake panaliten liyane.
Macam dan Pralambang Upacara Adat
13