Page 601 - BUKU III BAHASA JAWA
P. 601

WATAK ANGKA SAJRONE SENGKALAN

                    Watak angka 0

                    Watak  angka  0  yaiku  tembung-tembug  sing  nduweni  teges  kosong,  ilang  utawa  gegayutan  karo

                    langit/surga.  Conto  watak  angka  0  yaiku  sonya  (sepi),  nir  (hilang,  tanpa),  akasa  (angkasa),  lan
                    tawang (langit).


                    Watak angka 1

                    Watak angka 1 yaiku tembung sing nduweni teges siji, tunggal, utawa cacahe siji kayata manungsa,

                    raja, utawa benda angkasa/alam. Conto watak angka 1 yaiku niyata (nyata), rahayu (selamat), janma
                    / jalma (manungsa), suta (anak), nata (raja) candra (bulan), utawa kartika (bintang).

                    Watak angka 2


                    Watak angka 2 yaiku tembung sing nduweni arti loro utawa sepasang. Conto watak angka 2 yaiku
                    netra (mata), asta (tangan), nembah (menyembah), utawa lar (sayap).


                    Watak angka 3

                    Watak angka 3 yaiku tembung sing nduweni arti tiga, gegayutan karo pengetahuan utawa gegayutan
                    karo geni. Conto watak angka 3 yaiku tri (telu), kawruh (pengetahuan), wignya (pandai), dahana

                    (geni), utawa pawaka (geni).

                    Watak angka 4

                    Watak angka 4 yaiku tembung sing nduweni arti papat utawa gegayutan karo banyu. Conto watak

                    angka 4 yaiku catur (empat), toya (air), jladri (laut), tirta (air), utawa wening (jernih).

                    Watak angka 5


                    Watak  angka  5  yaiku  tembung  sing  nduweni  arti  lima,  gegayutan  karo  angin,  raksasa  utawa
                    peralatan perang. Conto watak angka 5 yaiku panca (lima), indri (angin), yaksa (raksasa), jemparing

                    (panah), utawa cakra (salah siji jenis senjata).

                    Watak angka 6

                    Watak  angka  6  yaiku  tembung  sing  nduweni  enam,  gegayutan  karo  rasa,  utawa  sing  bersifat

                    bergerak/bergosing.  Conto watak  angka  6  yaiku  sad  (enam),  lona  (pedas), sarkara  (manis),  obah
                    (bergerak), utawa winasing (digerakkan).


                    Watak angka 7




                                                                                                            15
   596   597   598   599   600   601   602   603   604   605   606