Page 26 - buku kirtya 30hal
P. 26

angel sauger gelem sinau lan latihan. Sumber   kanggo nulis skenario bisa
                   saka  kedadean  ing  masyarakat  saben  dina,  bisa  saka  teks  crita,  lan  uga
                   bisa saka asil wawancara karo narasumber.
                         Salah  sijine  cara  nulis  skenario  bisa  katindakake  kanthi  langkah-
                   langkah iki:
                   1) Nemtokake tema, idhe pokok  drama.
                   2)     Nemtokake paraga/ tokoh lan watak-watake.
                   3)     Ngrancang alur (plot) crita, adegan lan dhialoge  para tokoh/paraga.
                   4)     Nemtokake wektu, latar panggonane crita.
                   5)     Miwiti nulis draf skenario karo nggambarake jiwane naskah.
                   6)     Yen skenario wis dadi diwaca maneh bola-bali supaya luwih apik.

                   Gladhen:
                   Kanggo gladhenmu, tindakna pakaryan iki:
                       (1)  Goleka  crita  cekak  saka  kalawarti/  majalah  basa  Jawa  (Panjebar
                           Semangat/ Jaya Baya) utawa saka buku antologi.
                       (2)  Owahana teks crita cekak mau dadi  skenario drama kaya tuladha
                           ing pasinaon sadurunge.
                       (3)  Wacanen  asil  garapanmu  ana  ngarepe  kancamu,  lan  njaluka
                           komentare.
                       (4)  Dandanana  garapanmu,  yen  kokrasa  wis  becik  kumpulna  asile
                           marang Bapak/ Ibu Gurumu minangka tugas portofolio .
   21   22   23   24   25   26   27