Page 24 - buku kirtya 30hal
P. 24

gegedhen    pangangen-angen…kuwi    ateges    cebol
                                         nggayuh lintang...Mada.
                   Arya Tadah           :   Ra  Banyak  apa  dene  Ra  Kembar,  kene  dudu  papane
                                         wong  pasulayan.  Iki  aneng  pasewakan  agung  ngadhep
                                         ngarsane Gusti Prabu Putri Tribuana Tungga Dewi, ning
                                         ngendi  subasitamu  pinangka  nayaka  Mojopahit.  Kowe
                                         ora  ngajeni  pasewakan  agung  padha  karo  ngina  Ratu
                                         Mojopahit.
                   Ra Banyak             :   Arya  Tadah  kowe  aja  melu-melu,  iki  dudu  perkaramu
                                         awit  kowe  wis  dudu  Patih  Amangkubumi  maneh,  sing
                                         gedhe pangapuramu aku nungkak krama karo kowe.
                   Arya Tadah           :   Banyak..Kembar…arep    kokgawa    ing    ngendi    praja
                                         Mojopahit  yen  pakartimu  kaya  mangkono….Mojopahit
                                         bakal  kuncara  yen  ta  nayakane  manunggal  nyawiji
                                         saiyeg saeka praya.
                   Tribuwana TD        :   Ra  Banyak…Ra  Kembar…sira  wus  wani  ngadeg  ing
                                         pasewakan  padha  karo  sira  ngina  marang  ratu.  Apa
                                         kowe  kepengin  dadi  ratu  Mojopahit  merga  kowe  saka
                                         trahing  ngaluhur  hiya!  Yen  pancen  kaya  ngono
                                         kekarepanmu ingsun lila waton  iki kanggo  kamulyaning
                                         kawula   Mojopahit,   lan   kanggo   keraharjaning   para
                                         nayakaning Mojopahit.
                   Ra Kembar            :   Oh...Gusti      Prabu,      nyuwun      gunging      samudra
                                         pangaksami, sedaya kala wau awit seriking manah kula
                                         mirengaken ature Gajah Mada.
                   Tribuwana TD        :   Kudune kowe malah nyengkuyung marang lekase Gajah
                                         Mada merga iku kanggo kuncarane praja Mojopahit.
                                         Paman Tadah, adicara wisuda saged dipunwiwiti..
                   Arya Tadah           :   (Nembang)
                   Gajah Mada           :   Gusti  Prabu,  kangge  mujudaken  panganen-angen  kula,
                                         kula badhe prasapa…
                   Tribuwana TD        :   Ya sun lilani, Mada
                   Gajah Mada           :   Sineksenan       lintang       cakra       kang       sumunar
                                         padhang..aku..aku  Gajah  Mada  sinampiran  jejibahan
                                         luhur kang tanpa pepindhan, dhawuh Gusti  Prabu Putri
                                         Tribuana  Tungga  Dewi  Jaya  Wisnu  Wardhani,  padha
                                         karo  pepanggiling   wilayah   nuswantara   sakukuban,
                                         mulane, ana paseban agung lan sangarepe para nayaka
                                         praja lan kawula Mojopahit, aku prasapa…aku sumpah…
   19   20   21   22   23   24   25   26   27