Page 19 - buku kirtya 30hal
P. 19

bakal saya damel benter swasana Mojopahit.
                   Patih H Tadhah      :     Genea?
                   Gajah Mada           :     Pundhak    kula    dereng    kiyat    mikul    kalungguhan
                                           mahapatih  ing  Mojopahit.  Taksih  kathah  para  wredha
                                           ingkang langkung pantes, ing antawisipun para nayaka
                                           saking  Panca  Ri  Wilwatikta,  Mahamenteri  Hino  Dyah
                                           Janardana, Mahamenteri Sirikan Dyah…
                   Patih H Tadhah      :     Saka  pamawasku  ora  ana  kang  pantes  kajaba kowe,
                                           Mada.
                   Gajah Mada           :     Dereng Paman.
                   Patih H Tadhah      :     Mada,    jujura    marang    kapribadenmu…kang    dak
                                           ngerteni lan dakrasakake prajurit iku nut, krenteg, lan
                                           karep kang kudu dadi sing pinunjul. Mada nalika kowe
                                           dadi  prajurit,  duwe  pengangen-angen  dadi  lurahe
                                           tamtama. Lamun wus apangkat lurahe tamtama duwe
                                           angen-angen  kang  luwih  dhuwur  dadi  senopati,
                                           mangkono sapiturute…mula saka pandhugaku lan yen
                                           ora  selak  marang  batinmu...Gajah  Mada  mesthi duwe
                                           pangangen-angen  kepengin  kalungguhan  mahapatih
                                           Mojopahit…
                   Gajah Mada           :     Dereng kathah labuh labet kula tumrapipun Mojopahit,
                                           Paman Harya Tadah…
                   Patih H Tadhah      :     Mada, jujura marang swaraning batinmu.
                   Gajah Mada           :     Kula…
                   Patih H Tadhah      :     Mada…


                   Adegan II
                   Tribuwana TD        :   Paman   Patih   Harya   Tadhah,   saklengseripun   kakang
                                         Jayanegara, kula ingkang gumantos, nanging Mojopahit
                                         boten  saya   tentrem,   malah   saya   kathah   rubeda
                                         ngreribeti…saya-saya paman Patih Harya Tadhah minta
                                         lengser,  menapa  menika  boten  saya  damel  ringkihing
                                         Mojopahit?
                   Patih H  Tadhah     :   Gusti   Prabu  Putri,   kula   sampun  ringkih   lan  sepuh,
                                         sampun  wancinipun  Mojopahit  ndhudhah  para  mudha
                                         taruna    manggala    praja   njejegaken   saka    guru,
                                         ngandelaken  bebeteng  murih  saged  tentrem  nagari
                                         Mojopahit tumuju ing kajayan.
                   Tribuwana TD        :   Langkung     prayogi     mekaten,     nanging     paman,
                                         ”pembrontakan”  Sadeng  lan  Keta  dereng  sirep.  Taksih
   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23   24