Page 18 - buku kirtya 30hal
P. 18

GAJAH MADA  WINISUDA



















                   Adegan I
                   Gajah Mada           :     Aku  kudu  bisa…kudu  bisa…oh,  Dewata  Hyang  Agung
                                           mugi….
                   Patih H Tadhah      :     Mada…
                   Gajah Mada           :     Paman Patih Harya Tadhah…mangga…paman katuran
                                           pinarak…!
                   Patih H Tadhah      :     Sajak kaget aku teka ing papanmu.
                   Gajah Mada           :     Wanci  dalu  paman  rawuh,  kamangka  paman  Tadah
                                           taksih gerah, lan boten wonten ingkang ndherekaken,
                                           menika ingkang damel kaget.
                   Patih H Tadhah      :     Mada,   larane   ragaku   ora   sepiroa   yen   katimbang
                                           klawan  lelakone  Mojopahit….ya  bengi  iki  wektu  kang
                                           prayoga kanggo ndandani Mojopahit.
                   Gajah Mada           :     Paman…
                   Patih H Tadhah      :     Mada, mangertia yen aku wis munjuk  nawala undhur
                                           dhiri  ing  ngarsane  Gusti  Prabu  Putri,  minta  lengser
                                           saka  kalungguhan  mahapatih  Mojopahit…lan  Gusti
                                           Prabu Putri wus nyarujuki…
                   Gajah Mada           :     Paman badhe lengser?
                   Patih H Tadhah      :     Bener,  aku  wus  yuswa  nengahi,  ragaku  wis  ringkih,
                                           pamikirku wis ora trewaca, wus ora jumbuh lan kahanan
                                           Mojopahit  kang  lagi  mbutuhake  narapraja  kang
                                           tangguh  kanggo  kajayaane  Mojopahit.  mula Mada,
                                           sawegaa….gumanti kalungguhane pun paman…
                   Gajah Mada           :     Kula?
                   Patih H Tadhah      :     Ya…
                   Gajah Mada           :     Boten,  paman.  Menika  sanes  karampungan  malah
   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23