Page 17 - buku kirtya 30hal
P. 17

Tugas  2 : Nyalin Teks  Menyang Aksara Jawa
                         Tindakna pakaryan iki:
                         Pethikan crita ing ngisor iki wacanen, banjur salinen menyang aksara
                         Jawa!
                            Nambi,  kowe  mesthine kenyonyok  rasaning  atimu,  nanging  dudu
                            kuwi kang dakkarepake. Aku lan kowe tetep rowang Nambi, kang
                            ora  nate  benthak  sirah.  Yen  ana  kepencoking  kewuh  yen  perlu
                            daktohi pati. Nanging Nambi, yen kowe ora trima marang ucapku
                            iki, sesuk apa saiki, awan apa bengi, lan ana ngendi panggonane,
                            aku ora bakal gigrig ngadhepi kowe, Nambi!



                   Kegiatan 3 : Mentasake Crita  Kethoprak Bebarengan

                         Pasinaon  bab  drama  tradhisional  iki  kudu  dikembangake  lumantar
                   pamentasan,  menehi  komentar  babagan  pamentasan,  lan  uga  nyusun
                   skenario utawa naskah drama tradhisional.

                   Tugas  1: Mentasake Crita  Kethoprak


                        Tindakna miturut prentah ing ngisor iki!
                       1)    Gawea  klompok,  saben  klompok  dumadi  saka  wong  10  –  15,
                           banjur salah siji dadi ketua klompoke!
                       2)    Ketua   klompok   milah   lan   milih   anggotane   sapa   kang   dadi
                           sutradara, lan sapa kang dadi paraga/ pemaine miturut dhapukane
                           sowang-sowang.
                       3)    Wacanen  batin  kanthi  permati  lan  kebak  penghayatan  naskah
                           kethoprak  ”Gajah  Mada  Winisudha”  ing  ngisor  iki,  wiwit  kedaling
                           antawacana, sipat, lan solah bawa miturut tokoh sing diparagakake.
                       4)    Paragakna         teks   naskah   kethoprak   kasebut   bebarengan
                           klompokmu!
                       5)    Rekamen asil pamentasanmu supaya nduweni dhokumen.


                   Wacanen lan apalna teks drama iki supaya anggonmu maragakake mengko
                   dadi becik!
   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22