Page 13 - buku kirtya 30hal
P. 13

RL       : Paman Ken Sora! Kenging menapa penjenengan mbelani Nambi.
                            Kula aturi mengo paman, duk campuhing perang mengsah Kediri,
                            sinten ingkang mejahi Segara Winotan lan Ranggajanur, senopati
                            agul-agulipun  Kediri?  Menapa  Nambi?  Sanes,  nanging  kula,
                            Ronggolawe. Sasampunipun Kediri bedhah, sinten ingkang mejahi
                            prajurit Tartar,  prajuritipun Kubi Lai Kan? Menapa Nambi!  Sanes,
                            nanging  kula  Ronggolawe.  Kula  aturi  mriksani  paman,  gigir  kula
                            taksih  tatu  kenging  tumbakipun  Ronggojanur, tangan  kula  taksih
                            tatu  rojah  rajeh  tatu  ing  pedhang,  awit  kinrocok  ing  gegaman
                            prajurit Tartar. Nalika semanten, kula dalasan para prajurit sedaya
                            mboten  wonten  ingkang  ningali  irungipun  Nambi.  Samenika,
                            sareng  negari  Mojopahit  sampun  madeg,  Nambi ingkang  mboten
                            tumut  cawe-cawe rekaosipun,  ngedangkrang dados  patih wonten
                            ing Mojopahit. Menapa menika adil paman? Mboten!
                   LS       :  Sumurupa  nalika  semana  Nambi  antuk  pakaryan  kang  kudu
                            rumeksa kayuwanane ingkang Sinuwun.
                   RL     :  Paman  Ken  Sora,  kengeng  menapa  penjenengan  mbela  kepati-
                            pati dhumateng Nambi, paman ?
                   LS       :   Lawe, kowe aja mung nonyolake marang gedhene lelabuhanmu
                            dhewe  lan  kosok  baline  mbalekake  marang  lelabuhane  liyan!
                            Sumurupa  kemenangane  Mojopahit  iki  ora  merga  suta,  naya,
                            thok-thok  ora,  nanging  marga  saka  kita  kabeh  kang  antuk
                            pangayomaning Gusti Kang Akarya Jagat iki!
                   RL       :  Leres  paman,  lan  ingkang  Sinuwun  sanget  wicaksana  sanget,
                            sedaya ingkang  sampun anggadhahi lelabetan, sampun kawisuda
                            palenggahan. Paman Ken Sora dados Nayapati, kula kaangkat dados
                            bupati  amanca  negari  wonten  ing  Tuban,  dene  ingkang  minulya
                            Nambi,  kaangkat  dados  patih  hamengkubumi  wonten  ing  negari
                            Mojopahit.
                   LS       :  Gene  kowe  uwis  ngerti,  nanging  yagene  sira  isih  kurang  trima
                            Lawe?
                   RL     :   Paman   Ken   Sora,   kabeleka   dhadha   kula,   mboten   wonten
                            seratanipun menawi kula melik lan meri dhumateng Nambi.
                   PKRJ   : Lawe, cukup! Ingsun wus nyektosi dhewe marang sepira gedhene
                            lelabuhanira !
                   RL       : Dhuh-dhuh Sinuwun, mugi wonten kepareng dalem ngluberaken
                            agenging  sih  samodra  pangaksami,  nanging  kula  tetep  mboten
                            trimah  menawi  Nambi  kaangkat  dados  patih  wonten  ing  negari
                            Mojopahit,  awit  kula  ngertos  bilih  Nambi  menika  mujudaken
                            prajurit  ingkang  licik,  jirih  ing  getih,  dhasaripun  asor  ing  budi.
   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18