Page 9 - buku kirtya 30hal
P. 9
Kamangka yen dideleng maneh saka sejarah mlebune Islam ing tlatah
Jawa, Sunan Kalijaga lan Sunan Bonang nggunakake kesenian kanggo
nyebarake agama Islam. Bokmenawa para kalangan agama nglalekake
perjuangan Islam nalika ing tanah Jawa kabiyantu banget kanthi anane
kesenian. Salah siji kang paling dikenal ing internasional yaiku seni
wayang. Kethoprak uga ngandhut piwulang kang becik lan ajaran unggah-
ungguh kang migunani kanggo para pamirsane, sarta ora lali kanggo
generasi mudha kethoprak bisa digunakake minangka medhia pasinaon kang
becik.
Tugas 1 : Nintingi Struktur Teks Drama Tradhisional
Struktur teks naskah kethoprak bisa disumurupi liwat unsur instrinsik
kang ana ing naskah. Unsur mau dumadi saka :
1. Tema, yaiku gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang
digelar ing pementasan kethoprak.
2. Alur, yaiku tata urutan lumakune crita ing naskah/ pagelaran
kethoprak. Kawiwitan saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhing
masalah kang dialami tokoh utama, ngrembakane masalah kang
saya ngambra-ambra ndadekake critane saya muyeg, nganti
mbledhose prakara/ masalah mau minangka klimaks-e. Wusana
lagi tinemu dalan kanggo mungkasi crita, gumantung marang
urutan critane. Sabanjure alur bisa digolongake dadi alur maju, alur
mundur, lan alur campuran.
3. Setting/ latar, yaiku gegambaran swasana lumakuning crita
kang ginelar. Dumadi saka gegambaraning panggonan,
gegambaran waktu, lan gegambaran swasana nalika prastawa
dumadi. Mula sabanjure setting kabedakake dadi telu, yaiku:
setting waktu, setting panggonan, lan setting swasana.
4. Penokohan, yaiku nggambarake sapa sing dadi rol utawa paraga
utama, paraga panyengkuyung, sarta nggambarake kepriye
watak, lan sipate saben tokoh.
5. Amanat, yaiku pesan moral kang kinandhut ing crita utawa
pementasan kethoprak. Pesan moral iki kang sabanjure bisa dadi
tuntunan tumrap sapa bae kang nonton.
Gladhen:
Wacanen maneh kanthi setiti teks kethoprak ”Andhe-Andhe Lumut”.
Sabanjure, tintingana struktur instrinsike kanthi ngisi tabel ing
ngisor iki!