Page 11 - buku kirtya 30hal
P. 11

marang  sapa  bae.  Wiwit  wong  anom  marang  sing  luwih  tuwa,  lan  kosok
                   baline.  Cekake  dadi  basa  universal.  Beda  karo  basa  ngoko  lugu  kang
                   panganggone  winates  mung  tumrap  kanca  sing  wis  akrab  banget,
                   guneman  tumrap  bocah  cilik  sing  durung  ngerti  unggah-ungguh,  utawa
                   marang wong sing luwih  enom kang ora perlu ngatonake ajen-ingajenan.
                   Dene,  tuladhane  bocah-bocah  bisa  nintingi  saka  naskah  kethoprak  ing
                   ngisor iki.
                   Pethikan naskah kethoprak kanthi judhul ”Ranggalawe Mbalela” ing ngisor
                   iki semaken!



                                           RANGGALAWE MBALELA
                                           Dening: Yusuf Budi Santosa


















                   Adegan 1:
                   Swasana  ing  pasewakan  agung  Mojopahit,  Ronggolawe  sengaja  nelat
                   anggone sowan
                   Paraga :
                        (1) Prabu Kerta Rajasa Jayawardana (PKRJ)
                        (2) Lembu Sora (LS)
                        (3) Nambi (NB)
                        (4) Kebo Anabrang (KA)
                        (5) Ronggo Lawe (RL)


                   RL       : Kula ingkang sowan, Sinuwun.
                   PKRJ   : Kene-kene Lawe, kepara ngarsa sowanira !
                   RL       : Ngestokaken dhawuh ( Ronggolawe mingsed maju lungguhe).
                   PKRJ   :  Nanging  sira  Ronggolawe,  yagene  randhat  sowanira  ana  ing
                            ngabyantaraningsun?
                   RL     : Dhuh, dhuh Sinuwun, mugi wonten kepareng  dalem ngluberaken
                            agunging sih samodra pangaksami. Nanging tuhunipun Sinuwun,
   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16