Page 14 - buku kirtya 30hal
P. 14

Tartamtu  ing  mbenjang  badhe  kalorot  asma  keprabon  ndalem,
                            awit dipunidak-idak Nambi.
                   NB      : Heh, Kakang Lawe !
                   RL     :  Nambi, kowe mesthine kenyonyok  rasaning  atimu,  nanging dudu
                            kuwi kang dakkarepake. Aku lan kowe tetep rowang Nambi, kang
                            ora  nate  benthak  sirah.  Yen  ana  kepencoking  kewuh  yen  perlu
                            daktohi pati. Nanging Nambi, yen kowe ora trima marang ucapku
                            iki, sesuk apa saiki, awan apa bengi, lan ana ngendi panggonane,
                            aku ora bakal gigrig ngadhepi kowe, Nambi!
                   KA     :   Ronggolawe!   Mingkema   lambemu,   muncrat-muncrat   idumu,
                            pendirangan mripatmu, nggembelo sirahmu. Aja ngumbar ucapmu
                            kang saru dinulu. Ayo, yen pancen kowe lanang, baliya menyang
                            Tuban, siyagakna prajuritmu kang gamben-gamben. Dudu Nambi
                            sing  dadi  musuhmu,  nanging  iki  Kebo  Anabrang  kang  dadi
                            musuhmu!
                    RL       :  Ha  ha  ha.  He,  Kebo  Nabrang,  yen kowe  sabela  marang  Nambi,
                            metua njaba, tak enteni kowe!
                                                 ......................


                          Bausastra
                          randhat                : alon, suwe
                          ngabyantara         : ngadhep, marak
                          ngluberake           : menehi, dum-duman, bebungah
                          pangaksama         : pangapura, ampunan
                          tuhu                    : manut, nurut
                          yogi                     : apik, pantes, murwat
                          marangkani          : kekuwatan
                          lelabuhan            : pangabdian,
                          rumeksa              : njaga, ngopeni
                          yuwana               : slamet, rahayu, tulus


                   Kanggo  nambah  wawasanmu  gegayutan  karo  teks  drama  ing  dhuwur,
                   wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
                      1)    Apa temane wacan ing dhuwur?
                      2)    Sapa kang dadi tokoh utamane ing pagelaran kethoprak kasebut?
                      3)    Kepriye sipate tokoh/paraga utamane?
                      4)    Sapa bae kang dadi tokoh/ paraga pambantune?
                      5)    Jelasna   kepriye   watak   sing   diduweni   para   tokoh/   paraga
                         pembantune!
   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19