Page 12 - buku kirtya 30hal
P. 12
wonten salah satunggaling bab ingkang badhe kula unjukaken
dhumateng ngarsa Panjenengan Dalem, ingkang sesambetan
kaliyan keagungan saha kejayaning negari Mojopahit ing
kalenggahan menika Sinuwun.
PKRJ : Yen kena dimidhangetne dening para narapraja kabeh, mara
enggal matura, Lawe !
RL : Atur kula menika sanes wewados, malah dhapur kapasang yogi,
dene pepak sowanipun narapraja sedaya, ing pangangkah
supados saget caos panimbang dhumateng atur kula menika
mangke, Sinuwun.
PKRJ : Ya,ya, enggal matura, Lawe !
RL : Dhuh-dhuh Sinuwun, kados-kados ngimpi ing wanci melek, sareng
kula midhanget bilih sedherek kula Nambi, kaangkat dados patih
hamengku bumi wonten ing negari Mojopahit, marangkani
jumeneng dalem ingkang Sinuwun Prabu Kerta Rajasa
Jayawardana.
PKRJ : Heh Ronggolawe, apa kang sira karepake ?
RL : Kula paribasakaken tiyang tani ingkang kaparintah maos kitab,
utawi brahmana ingkang kaparintah nggarap sabin, menawi
Nambi kaangkat dados patih hamengkubumi wonten ing negari
Mojopahit, menapa mboten badhe risak tatananipun negari
Mojopahit menika Sinuwun ?
PKRJ : Ronggolawe, sumurupa yen Nambi kuwi wis gedhe lelabuhane
tumprap negara Mojopahit !
RL : Sinuwun, kalenggahan patih menika mbetahaken raos tanggel
jawab ingkang awrat. Mboten saget menawi namung dipunukur
kaliyan agenging lelabetan. Kedahipun milih janma ingkang putus
ing seserepan, mumpuni ing reh tatapraja saha kaprajuritan.
Mangka sanes Nambi tiyangipun, Sinuwun.
PKRJ : La yen dudu Nambi, banjur sapa kang sira karepake Lawe?
RL : Menggahing kula, mboten wonten sanes kejawi Rekyaan Demang
Lembu Sora
LS : Heh Ronggolawe, aja lancang kowe ! Dhuh-dhuh Sinuwun,
sampun ndhahar aturipun Ronggolawe ingkang murang tata
menika. Kula sampun trimah dados manggalaning para prajurit
Mojopahit, lan Nambi sampun nami trep menawi kaangkat dados
patih hamengkubumi wonten ing negari Mojopahit, awit Nambi
menika prajurit ingkang sugih rekadaya tur weweka, Sinuwun.