Page 7 - buku kirtya 30hal
P. 7
2) Kepriye sipate paraga utama crita kasebut?
3) Sapa bae kang dadi paraga panyengkuyung ing crita?
4) Apa tujuane para kleting menyang desa Dhadhapan?
5) Apa sebab panglamare Kleting Kuning ditampa Andhe-Andhe
Lumut?
6) Sapa sejatine Klana Mudha Asmara iku?
7) Apa sebabe Klana Mudha Asmara seda?
8) Apa pitutur/ pesan moral kang bisa kita tuladhani saka isine crita
kethoprak?
9) Sapa sejatine Andhe-Andhe Lumut lan Kleting Kuning kuwi?
10) Kepriye pungkasane nasibe Mbok Randha Dhadhapan?
Kegiatan 1: Wangun Teks Drama Tradhisional
Kethoprak lan ludruk mujudake saperangan kesenian tradhisional
kang isih urip lan ngrembaka ing masyarakat Jawa. Kesenian iki sanajan
wis ninggal jaman kencana rukmine, nanging isih bisa kita temoni ing
satengahe masyarakat. Diarani seni tradhisional amarga seni kalorone
nggelar crita jaman biyen, kairing musik tradhisional wujud gamelan sarta
tetembangan, migunakake basa Jawa lan busana klasik nut jaman
kelakone carita sing digelar. Sing mbedakake antarane kalorone ana ing
panganggone basa lan jinis tabuhan gamelan pangiring. Kethoprak
migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja. Dene ludruk migunakake basa
Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran (jula-juli),
lan dibukani kanthi tari remo.
Kethoprak lahir watara tahun 1920 ing Solo. Ngalami jaman kencana
rukmi watara tahun 1950 ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Kawitane mung
dadi lelipur rakyat sanjabane kraton, nanging wusanane uga narik
kawigaten lan disenengi dening kulawarga kraton. Crita kang diangkat
maneka warna panguripan ing bebrayan, wiwit crita ngenani panguripan
padinane warga biasa, nganti panguripane kulawarga kraton. Ana sing
macak dadi ratu, pangeran, putri, punggawa kraton, lan sapa bae miturut
peran kang diparagakake.
Crita pagelaran kethoprak akeh banget upamane crita rakyat, dongeng,
babad, legendha, sejarah lan adhaptasi saka nagara manca kang diowahi
nggunakake swasana Jawa lan Indonesia. Tuladhane karya Shakespeare,
Pangeran Hamlet, utawa Sampek Eng Tay. Bisa crita-crita baku, kayata :
Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Gendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita
Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Andhe-andhe
Lumut, Angling Darma, Rara Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka
Bodho, lan isih akeh liyane. Crita klangenan masyarakat