Page 8 - buku kirtya 30hal
P. 8

bisa  arupa  crita  pahlawanan,  paprangan,  lan  crita  kang  nglempengake
                   bebener. Biasane ing pungkasan crita sing gawe bebener, tumindak jujur,
                   lan apik antuk kamenangan.
                         Busana para paraga pemain dipadhakake karo crita kang digelarake.
                   Adate nganggo busana narapraja Jawa jaman kraton biyen. Upama Pangeran
                   Wiraguna, busanane nganggo busana priyayi Jawa, semono uga Pangeran
                   saka tlatah Jawa Tengah ( Yogyakarta ) lan  uga para prajurit. Nanging ana
                   uga  busana  kang  arupa  simbol,  upamane  pawongan  kang  wicaksana
                   busanane  ireng,  pawongan  suci  busanane  putih,  pawongan  sing  kendel
                   busanane  abang.  Crita  Baghdad  busanane  kasebut  "Mesiran"  nganggo
                   busana sutra.
                         Antawacana  (dhialog)  kethoprak  uga  bisa  nganggo  tembang,  dadi
                   tembang  bisa  mujudake  pangiring  adegan,  dhialog,  monolog  (rerasan
                   dhewe)  utawa  dadi  narasi.  Wondene  unining  gamelan  kanggo  ngiringi
                   tembang,  adegan,  ilustrasi  swasana  crita,  swasana  dramatik,  kang
                   mbedakake adegan siji lan sijine.
                         Perangkat  pangiring  pagelaran  kethoprak  dumadi  saka  kendhang,
                   saron, kethuk, kenong, kempul, lan gong. Para paraga kethoprak saliyane
                   pinter anggone "akting" uga kudu pinter nembang lan njoged. Para niyaga,
                   bebarengan   karo   sindhen   (waranggana),   ngiringi   irama   gamelan
                   kethoprak.  Sanadyan  sing  dienggo  basa  Jawa  nanging  kudu  nganggo
                   "unggah-ungguh"  basa.  Bisa  nganggo  basa  Jawa  ngoko  lugu,  ngoko
                   andhap, lan basa krama.
                         Ing wektu saiki, ana wolak-waliking jaman, kethoprak uga nduweni
                   "improvisasi"  kanthi wujud dhagelan. Upamane awujud Kethoprak Humor
                   ana  ing  siaran radhio  lan televisi.  Crita bakune padha nanging  digelarake
                   kanthi  dhagelan  supaya  bisa  nyenengake  pamiarsa.  Bab  paugeran  nomer
                   loro, kethoprak mau adate wis ora nganggo unggah-ungguh basa lan tata
                   krama,  sing baku  bisa  gawe  guyu.  Crita  lan basa  ora  nganggo  paugeran
                   baku. Mula bisa kasebut kethoprak ora jangkep.
                         Saya   suwe,   seni   kethoprak   tansaya   luntur.   Generasi   mudha
                   nganggep kethoprak iku tontonan kanggo wong-wong tuwa. Generasi mudha
                   yen  kudu  nonton  kethoprak  rumangsa  gengsi.  Saka  rasa  gengsi  iki
                   ndadekake   kethoprak   dipojokake.   Kamangka   yen   dieling-eling   para
                   sesepuh   biyen   anggone   merjuwangake   nganti   direwangi   tohpati
                   mbudidaya anggone nguri-nguri murih seni kethoprak bisa dirasakake dening
                   generasi penerus.
                         Saka kalangan agama, nduweni pamanggih liya, yaiku kesenian mligine
                   seni  kethoprak  iku  dianggep  ora  cocog  karo  ajaran  agama.
   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13