Page 22 - buku kirtya 30hal
P. 22

Ra Banyak             :   Unggah-ungguh      kepanggih      wingking,      kahanan
                                         Mojopahit  kedah  dipuntengenaken…Gusti  Prabu  kula
                                         nyuwun pamit…
                   Ra Kembar lan Ra Banyak budhal ngrumiyini Gajah Mada.
                   Tribuwana TD        :   Gajah  Mada,  Mojopahit  ora  butuh  wong  kang  tanpa
                                         petung.  Dhawuh  ingsun  pinangka  ratu  Mojopahit,  ya
                                         mung   Gajah    Mada    kang    dadi   dutaningsun    nyirep
                                         prahara Sadeng.
                   Gajah Mada           :   Sendika   dhawuh,   kepareng   nyuwun   pamit,   nyuwun
                                         tambahing pangestu…
                   Tribuwana TD        :   Pangestuku mbanyu mili…


                   Adegan III
                   Ra Banyak             :   Adipati    Sadeng,    angklungna    janggamu    kuncupna
                                         tanganmu  dak  sowanake  Mojopahit,  mengko  aku  kang
                                         nanggung kaslametanmu lan nyuwunake pangapura ing
                                         ngarsane Gusti Prabu Putri Tribuwana.
                   Adipati Sadeng      :   Ora  sudi  manungkul…wis  takdhadhaki  merga  Sadeng
                                         kudu  merdika,  ora  sudi  yen  ta  Sadeng  dadi  wilayah
                                         jajahan..
                   Ra Banyak             :   Yen  pancen  wis  ora  kena  takendhakake  kang  dadi
                                         kekarepanmu, bangga bakal dakladeni…
                   Kalajengaken perang…
                   Adegan IV
                   Arya Tadah           :   Gusti  Prabu  Putri  Tribuana  Tungga  Dewi..sedaya  para
                                         punggawa  sampun  ngadhep  ing  pasewakan  dinten
                                         menika,  lan  Gajah  Mada  ugi  sampun  sowan.  Gajah
                                         Mada saged nyirep reretuning Keta lan Sadeng.
                   Tribuwana TD        :   Gajah  Mada,  nyata  sira  prajurit  pinunjul.  Ingsun  ratu
                                         Mojopahit  nelakake  neda  panarima  awit  lelabuhanira
                                         bisa nyirep reretune praja Mojopahit….
                   Arya Tadah           :   Gusti    Prabu,    gandheng    praja    Mojopahit    sampun
                                         tentrem, kula Arya Tadah mangsuli rembag bab anggen
                                         kula  munjuk  serat  undur  dhiri  ing  ngarsanipun  Gusti
                                         Prabu,  awit  sampun  wancinipun  Mojopahit  dipunpimpin
                                         para mudha.
                   Tribuwana TD        :   Kabeh   wis   ingsun   penggalih   paman,   mula   ingsun
                                         pinangka  ratu  Mojopahit  sampun  damel  layang
                                         kekancingan. Sumangga kula aturi maos paman.
   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27