Page 16 - TANTRI BASA KELAS 6-min1gresik.sch.id
P. 16
Tanpa jejer (subjek) Tanpa jejer (subjek) Lumrahe ana jejere
Tetembungane ora Tetembungane ora Tetembungane ora
kena diwolak-walik kena diwolak-walik kena diwolak-walik
Saka andharan mau, cetha yen bebasan lan saloka saemper
karo paribasan. Bab iki nyata saka empere wujude, peranganing
ukara utawa tetembungan tetep, ajeg, ora kena diowahi utawa
diwolak-walik. Sing mbedakake bab ana lan orane perangan jejer
lan wewatakaning tembung. Paribasan tembunge salumrahe
tembung, dene bebasan lan saloka tembunge duwe teges entar.
Ing ngisor iki, tuladhane:
Jinis Tuladha Tegese
Ing ngarsa asung tuladha Sipate pemimpin bisa
dadi tuladha andhahane.
Paribasan Becik ketitik, ala ketara Sembarang tumindak ala
utawa becik wusanane
bakal konangan
Lambe satumang kari Dituturi bola-bali meksa
samerang ora digugu
Bebasan Mikul dhuwur mendhem Bisa njunjung drajate
jero wong tuwa
Mubra-mubru mblabur Wong sing sarwa kecu-
madu kupan uripe
Saloka Pitik trondhol diumbar ing Wong ala dipasrahi
padaringan barang kang aji,
wekasane malah
ngentek- enteki
kaca 49 Tantri Basa kelas 6