Page 26 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 26

UJI KOMPETENSI

                                                SEMESTER 1



                      A.  Pilihen jawaban sing paling bener!

                         Wacan  ing  ngisor  iki  wacanen  kanggo  mangsuli
                         pitakon no 1 nganti 5!
                                                      UWUH

                                Uwuh utawa sampah tambah dina ora  suda nanging
                         tansaya  tambah  nganti  matikel-tikel.  Kahanan  mau  bisa
                         didelok ana sakiwa-tengene awake dhewe. Uwuh mumbruk
                         ing  ngendi-endi  nyepeti  mripat  ambune  nduleg  irung,  amis
                         campur  basin.  Uwuh  plastik  pating  kleler  ing  sadhengah
                         papan.  Bisa  dibayangake  piye  kahanan  bumi  iki  mbesuke,
                         yen uwuh ora dikelola kanthi becik.
                                Kudu  ana  kesadaran  saka  awake  dhewe  kanggo
                         miwiti,  saka  tumindak  sing  paling  sepele  lan  gampang
                         dilakoni  yaiku  buwang  uwuh  ana  panggonane.  Yen  nganti
                         ora sumadya panggonan kanggo mbuwang uwuh ing sakiwa
                         tengenmu,  gawanen  dhisik  uwuh  mau  nganti  nemokake
                         panggonan  mbuwang  uwuh  sing  samesthine.  Diajab  ana

                         kesadharan  pribadi-pribadi  kanggo  mbuwang  uwuh  kanthi
                         bener. Iku bakal bisa nulari wong-wong ing sakiwa-tengene
                         pribadi-pribadi mau.

                         1.  Teks ing dhuwur manut jinise kalebu teks ….
                             A.  teks pawarta
                             B.  teks persuasi
                             C.  teks sesanti
                             D.  teks pariwara
                         2.  Ukara ing ngisor iki mujudake ukara inti saka paragrap 1
                             yaiku ….
                             A.   Uwuh mumbruk ing sadhengah papan.
                             B.   Uwuh ora dikelola kanthi becik.
                             C.   Uwuh plastik kleler ing sadhengah papan.
                             D.   Uwuh ambune amis campur basin.

                  kaca 59                                                  Tantri Basa kelas 6
   21   22   23   24   25   26   27   28   29