Page 23 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 23

4)  Kepriye sesambungane irah-irahan  kelawan isining crita?
                         ....................................................................................
                      5)  Tetembungan  sajerone  irah-irahan  nduweni  teges  kang

                         lumrah  (lugas),  apa  entar  (kiasan)?  Paringana  katrangan
                         kang cetha!!
                         ....................................................................................
                      6)  Apa tegese irah-irahan mau sesambungan karo teks wacan?
                         ....................................................................................
                      7)  Irah-irahan mau kalebu jinising unen-unen apa?
                         ....................................................................................
                      8)  Mathuk  apa  ora  manut  panemumu  unen-unen  sing
                         digunakake kanggo irah-irahan?
                         ....................................................................................

                  C.  Wangsulana  pitakon  iki  kanthi  milih  salah  siji  saka
                      patang wangsulan sing cumepak (a,b, c, utawa d)!

                      1) Unen-unen Jawa, tegese ....
                         A.  tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora nduweni
                             titikan tartamtu.
                         B.  tetembungan  tartamtu  sajerone  ukara,  kang  nduweni
                             titikan lan piguna tartamtu.
                         C.  tetembungan tartamtu kang endah.

                         D.  tetembungan  sajerone  ukara,  kang    kasusun  miturut
                             adat.
                      2) Unen-unen  sajerone  basa  lan  kasusastran  Jawa  cacahe
                         ana....
                         A.  lima
                         B.  papat
                         C.  telu
                         D.  loro
                      3) Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku....
                         A.  bebasan, paribasan, saloka
                         B.  bebasan, saloka, pepindhan,

                         C.  saloka, paribasan, pepindhan
                         D.  saloka, baradha, pepindhan


                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 56
   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27   28