Page 18 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 18

7.    Kere munggah bale                    Bebasan           .....

                      8.    Sirah gundhul dikepeti               Paribasan         .....

                  Katrangan :
                      1.  Unen-unen tumrap ukara “ ...Ora ana kukus tanpa geni.....”
                         Yen digatekake titikane dudu bebasan, yaiku:
                         a. Unen-unen  kang  ajeg  penganggone,  iki  bener  mergane
                            perangane ora kena diowahi.
                         b. Duwe  teges  entar,  kamangka  kukus  lan  geni,  pancen
                            nyata,  pirembugane  bab  kukus  pancen  duwe  teges
                            lumrah,  sanyatane.
                         c. Nduweni jejer, yaiku kukus (kang tanpa geni).
                         d. Mawa gegambaran, kang digambarake kahanan.
                         Mula saka iku, wangsulan tumrap nomer iki: pancen

                         S utawa salah, jalaran sing bener paribasan          .

                      2.  Unen-unen  tumrap  ukara  “  ...lumpuh  ngideri  jagad     .....”,
                         diwangsuli    kanthi  B  utawa  bener.  Wangsulan  iki  pancen
                         bener,  jalaran  unen-unen  mau  nduweni  titikane  paribasan,
                         yaiku:
                         a.  Unen unen kang ajeg panganggone.
                         b.  Duwe teges wantah ( lumrah ).
                         c.  Ora nganggo gegambaran (kiasan).

                  Rembug  lan  garapen  bebarengan  soal-soal  dhuwur  mau,

                  kanthi katrangan kaya tuladhane!



                                             Pasinaon 3
                                Makarya Mandhiri: Ngrakit Ukara

                         Ing pasinaon iki para siswa kaajak gawe utawa ngrakit ukara
                  ringkes, kang ngandut  unen-unen Jawa. Diajab siswa kabeh bisa
                  nulis kanthi kabisane dhewe-dhewe.



                  kaca 51                                                  Tantri Basa kelas 6
   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23