Page 17 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 17

Unen-unen  kuwi  mujudake  kumpulaning  tetembungan
                      sajerone ukara. Panganggone  sajerone ukara mau ora
                      padha  karo  tetembungan  liyane.  Rerakitan  utawa
                      carane  nyusun  tetembungan  mau,  kudu  adhedhasar
                      pranatan  tartamtu.  Tetembungane  ana  sing  lumrah,
                      wantah utawa lugas. Kadhangkala  asipat entar, kias.
                      Unen-unen  pancen  mujudake  panganggone  basa  kang
                      khusus, mligi, laras karo karepe. Unen-unen rada beda
                      karo  basa  salumrahe.  Kejaba  anane  teges  entar  mau,
                      pigunane  unen-unen  kang  njalari  endahe  ukara,
                      mbangetake karep, mbutuhake tembung mligi (khusus).
                      Mula-bukane  pancen  kanggo  ing  jagade  kasusastran,
                      reriptan lawas, utawa sajerone  jagading pewayangan.

                      Suwe-suwe  digunakake  ing  basa  pedinan,  reriptan
                      umum, lan geguritan.


                     Gladhen 2:  Nerangake Bedane Paribasan,
                                     Bebasan, lan  Saloka



                         Bebarengan  karo  kanca-kancamu  saklompok,  garapen
                  latihan carane mbedakake paribasan, bebasan, lan saloka        lumantar
                  isen-isenan  ngisor  iki.  Semaken  wujuding  ukara,  cocogna  karo
                  jinising  unen-unen  lan  katrangan  sakburine.  Isinen  aksara  B  yen
                  katrangan  mau  pancen  bener,  nanging  tulisen  S,  yen  katrangan
                  sakburine mau salah.

                     No                 Ukara                     Jinise          A / B
                      1.    Ora ana kukus tanpa geni             Bebasan            S
                      2.    Lumpuh ngideri jagad                 Paribasan          B
                      3.    Nabok nyilih tangan                   Saloka           .....

                      4.    Ngalasake negara                      Saloka           .....
                      5.    Palang mangan tandur                 Bebasan           .....
                      6.    Kebo nusu gudel                       Saloka           .....

                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 50
   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22