Page 12 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 12

semaken  katrangan  sajerone  gladhen  ngisor  iki,  kanggo  ngerteni
                  panganggone paribasan.



                                              Pasinaon 2
                                      Bebarengan Ngrembug
                                               Paribasan


                        Ing  pasinaon  iki  para  siswa  kaajak  nggatekake  teks  wacan
                  dheskriptif  ngenani  unen-unen  Jawa.  Kaajab  kowe  kabeh  bisa
                  nyumurupi apa bedane  unen-unen siji lan sijine. Bebarengan karo
                  kancamu  sajerone  klompok,    bisaa  negesi  lan  mbedakake
                  paribasan, bebasan, lan saloka kaya kang ana sajerone wacan.


                    Gladhen 1: Negesi Unen-unen Sajrone Wacan


                  Sawise  kowe  kabeh  bisa  nyumurupi  bab  unen-unen,  jinis
                  lan titikane, semaken katrangan ngisor iki kanggo ngerteni
                  teges lan panganggone paribasan!

                         Kanggo ngerteni teges lan panganggone paribasan, semaken
                  tuladhane  paribasan  ngisor  iki,  kepriye  tegese,  lan  kapan
                  panganggone.  Katrangan  ngenani  bab  mau  bisa  dijupuk  saka
                  saripatine crita utawa dedongengan ngisor iki.

                  Kapisan:

                  Upamane  bab  paribasan    Kacang  mangsa  ninggala  lanjaran.
                  Paribasan iki sambung karo critane simbahe Bima lan Rini, minggu
                  kepungkur:
                        Ana  wong  sugih,  dolan-dolan  menyang  desa,  kepethuk  karo
                  bocah cilik siji, isih wuda mlaku ijen. Wong sugih mau banjur takon
                  marang  si  bocah,  tembunge:  “Thole,  kowe  anake  sapa?”
                  Wangsulane, ora weruh jenenge bapakne, awit wong tuwane karo
                  pisan, wus lawas anggone mati, sarta ora ana kang gelem ngopeni
                  dheweke.


                  kaca 45                                                  Tantri Basa kelas 6
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17