Page 11 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 11

kanggo masuh dodotira.
                         Dodotira, dodotira,
                         kumitir bedhah ing pinggir,

                         dondomana jlumatana,
                         kanggo seba mengko sore,
                         Mumpung padhang rembulane,
                         mumpung jembar kalangane,
                         yok suraka, surak hiya....


                          Bausastra:
                               sumilir            :  krasa seger katerak angin
                               tak sengguh        :  tak kira
                               masuh dodot        :  ngumbah dodot (jinising
                                                     ageman), kain
                               kumitir            :  muter seser
                               jlumatana          :  jaiten, tambalen
                               seba               :  ngadhep ratu/ pangageng,

                                                     Pangeran


                         Piye,  apa kowe kabeh wis tau krungu tembang dolanan Lir-
                  ilir kuwi? Mesthine wis, ya. Jalaran tembang iki misuwur banget ana
                  ing sadhengah papan, sadhengah jaman. Wiramane apik, isine ya
                  pancen  becik.  Akeh-akehe  malah  wis  padha  apal  karo  cakepan
                  (lirik)  tembang  iki.  Iya  apa  ora?  Mbok  manawa  akeh  uga  sing
                  seneng  nembangake.  Ujaring  kandha,  tembang  iki  uga  yasane
                  Kanjeng Sunan Kalijaga.

                         Kejaba  enak  dirungu  lan  ditembangake,  isine  pancen  ya
                  becik  banget.  Panganggone  basa  pas,  ora  angel,  ning  ya  ora
                  gampang-gampang  banget.  Sing  narik  kawigaten  yen  kita  semak,
                  sajerone tembang iki jebul akeh panganggone unen-unen.
                  1)  Coba golekana unen-unen mau!
                  2)  Terangna tegese saben unen-unen kang koktemokake.
                  3)  Rakiten unen-unen mau sajerone ukaramu dhewe.
                         Sawise  rampung  anggonmu  nggarap  gladhen  iki,  catheten
                  ana  buku  cathetanmu  kanggo  pangeling-eling.  Bubar  kuwi,


                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 44
   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16