Page 14 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 14

Unen-unen  “kakehan  gludhug  kurang  udan”  sajerone  teks
                  mau,  tegese:  kakehan  omong  nanging  ora  ana  bukti  nyatane.
                  Omongan,  janji,  dipindhakake  gludhug    sing  banter  swarane.

                  Kurang udan mindhakake bukti nyata saka janjine mau.
                         Saka  cathetan  utawa  katrangan  mau  bisa  dingerteni  yen
                  paribasan  iku  mujudake  perangan  basa  (wujude  ukara  utawa
                  tetembungan)  sajrone  teks,  arupa  basa  pinathok,  panganggone
                  tetep, lan digunakake kanggo nambah endahe teks wacan, utawa
                  mbangetake  surasane  kahanan,  wewatakan,  utawa  tumindake
                  paraga.
                         Sawise nyemak katrangan mau, rembugen bareng kancamu
                  saklompok. Pitakon-pitakon iki sesambungan karo tegese paribasan
                  iki. Wangsulan kaya dene contone!

                              Unen-unen                             Tegese

                   1.  Mburu uceng kelangan             Ngoyak      bab     sing    cilik,
                      dheleg                            kelangan bab sing gedhe ajine
                   2.  Tuna satak bathi sanak            Ngalami  kapitunan sawetara
                                                         nalika dedagangan, nanging
                                                         nenambah paseduluran.
                   3.  Sandhing kebo gupak              ...........................................
                                                        ...........................................
                   4.  Sapa ngalah luhur wekasane       ...........................................

                                                        ...........................................
                   5.  Ciri wanci lali ginawa mati      ...........................................
                                                        ...........................................
                   6.  Ngalasake negara                 ...........................................
                                                        ...........................................
                   7.  Kenes ora ethes                  ...........................................
                                                        ...........................................
                   8.  Obah ngarep kobet mburi          ...........................................
                                                        ...........................................
                   9.  Jer basuki mawa beya             ...........................................

                                                        ...........................................
                   10.  Mbeburu kidang lumayu           ...........................................
                                                        ...........................................

                  kaca 47                                                  Tantri Basa kelas 6
   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19