Page 16 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 16

Tanpa jejer (subjek)  Tanpa jejer (subjek)  Lumrahe ana jejere


                   Tetembungane ora        Tetembungane ora        Tetembungane ora
                   kena diwolak-walik      kena diwolak-walik      kena diwolak-walik


                        Saka  andharan  mau,  cetha  yen  bebasan  lan  saloka  saemper
                  karo  paribasan.  Bab  iki  nyata  saka  empere  wujude,  peranganing
                  ukara  utawa  tetembungan  tetep,  ajeg,  ora  kena  diowahi  utawa
                  diwolak-walik.  Sing  mbedakake  bab  ana  lan  orane  perangan  jejer
                  lan  wewatakaning  tembung.  Paribasan  tembunge  salumrahe
                  tembung, dene bebasan lan saloka tembunge duwe teges entar.

                  Ing ngisor iki, tuladhane:


                      Jinis              Tuladha                       Tegese
                                Ing ngarsa asung tuladha  Sipate       pemimpin      bisa
                                                             dadi tuladha andhahane.
                   Paribasan   Becik ketitik, ala ketara     Sembarang  tumindak  ala
                                                             utawa  becik  wusanane
                                                             bakal konangan


                                Lambe  satumang  kari  Dituturi  bola-bali  meksa
                                samerang                     ora digugu
                    Bebasan   Mikul  dhuwur  mendhem  Bisa           njunjung  drajate
                                jero                         wong tuwa

                                Mubra-mubru        mblabur  Wong  sing  sarwa  kecu-
                                madu                         kupan uripe
                     Saloka     Pitik trondhol diumbar ing  Wong        ala    dipasrahi
                                padaringan                   barang        kang       aji,

                                                             wekasane             malah
                                                             ngentek- enteki




                  kaca 49                                                  Tantri Basa kelas 6
   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21