Page 15 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 15

11.  Tinggal glanggang colong        ...........................................
                        playu                           ...........................................


                                            Iki gambar apa?



















                         Kaya  kang  wis  diandharake  sadurunge,  kejaba  paribasan,
                  jinise  unen-unen  ana  kang  karan  bebasan  lan  saloka.  Diarani

                  bebasan yen  tegese  paribasan  mau  sesambungan  karo  watak,

                  kahanan,  utawa  tumindake  manungsa.  Diarani  saloka menawa:
                  tegese ukara utawa tetembungan, magepokan karo bab-bab kang
                  digambarake kanthi pasemon utawa pepindhan mau.

                         Unen-unen Jawa arupa paribasan, bebasan, lan saloka mau
                  kerep  banget  digunakake  ana  sajerone  pagelaran  wayang  purwa,
                  mligine  perangan  “gara-gara”,  kang  sesambungan  karo  metune
                  paraga punakawan kaya gambar ing dhuwur.


                  Bebarengan mbedakake paribasan, bebasan, lan saloka.

                        Paribasan                Bebasan                   Saloka
                   Ajeg panganggone        Ajeg panganggone        Ajeg penganggone

                   Tegese lumrahe          Tegese entar (kias)     Tegese entar
                   wantah, „lugas ‟

                   Ora  nganggo            Nganggo                 Nganggo gegambaran
                   gegambaran (tanpa       gegambaran arupa        arupa barang utawa
                   kiasan)                 kahanan                 kewan


                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 48
   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20