Page 13 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 13

Wong sugih welas marang bocah  mau, tumuli digawa mulih.
                  Si bocah digulawenthah, dijenengake Dite, merga olehe nemu ing
                  dina Minggu.  Sabanjure dipasrahake marang guru, kareben sinau.

                  Suwe-suwe       kanggep     kapinterane,     banjur    diangkat     dadi
                  panggedhening  desa.  Antara  limang  taun  anggone  dadi
                  panggedhening desa, Si Dite digugat dening wong sadesa, jalaran
                  olehe sawenang-wenang marang darbeking liyan. Wusanane Si Dite
                  kabuwang sarta kacopot saka  kalungguhane.
                        Satemene  Si  Dite iku  anake  maling.  Maling  mau  mati  marga
                  ditumbak dening wong desa. Saking alaning kalakuwane, nganti ora
                  ana kang sudi ngopeni anak-turune, ya si Dite mau. Mulane  bener
                  ujaring paribasan: kacang mangsa ninggala lanjaran      . Dite, si anak,
                  diupamakake  kacang,  kang    ora  bakal  beda  kelakuwane  karo
                  bapake.  Bapake, kang dhemen maling mau, diupamakake lanjaran,
                  papan winih, prambatane kacang panjang.

                  Kaloro:

                  Bab paribasan : Kakehan gludhug kurang udan,  dijupuk saka buku
                  crita ngenani sawijining bocah desa kang seneng mblenjani janji.
                        Ana  bocah  kang  aran  Si  Thukul,  senenge  sok  ngumbar
                  kasaguhan  marang  kanca-kancane.  Nanging  kasaguhan  mau  ora
                  tau temen, mung waton muni wae. Ing wayah sore Si Thukul dolan
                  ing alun-alun karo bocah akeh. Ing kono metu kasaguhane maneh,
                  tembunge:  “Heh  kanca,  mengko  bengi  menyanga  omahku,
                  dakwenehi buku wacan siji-siji”. Bareng bengi kanca-kancane teka
                  temenan.  Nanging  Si  Thukul  digoleki  ora  ana,  ndhelik  ing  buri
                  omah. Dheweke  sumelang yen ditagih janjine, awit satemene ora

                  duwe  buku  wacan.  Kanca-kancane  muring-muring,  banjur  padha
                  bali karo clathu: “Si Thukul kuwi ora sapisan iki wae olehe ngumbar
                  janjine.  Kabeh  ora  dituhoni.  Dhasar    bocah  kakehan  gludhug
                  kurang  udan.  Kuwi  gambaran  kanthi  unen-unen  tumrap  patrape
                  Thukul.
                                                                     (Serat Paribasan,
                                                    Dening Aryasutirta, 1931 : 788)





                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 46
   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18