Page 9 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 9
Nyinau Unen-unen Jawa
Unen-unen (ungkapan ing basa Indonesia) yaiku tetembungan
kanthi teges kang mligi (khusus). Umume dijupuk saka reriptan
sastra, nanging wis lumrah digunakake ing basa padinan. Wujude
ana telu, yaiku paribasan, bebasan, lan saloka . Bebasan lan saloka
sejatine ya paribasan, mung ana bedane sawetara.
Titikane unen-unen arupa paribasan, bebasan lan saloka:
1) carane nyusun tembung, wis gumathok (tetep, ora owah),
2) ana kang nduweni teges entar (kiasan), ana uga kang ateges
wantah.
3) wujude ukara utawa kumpulane tembung (frase).
4) kalebu basa pinathok sajrone kasusastran Jawa.
5) surasa utawa karepe paribasan uga gumathok, sesambungan
karo isining ukara, lumrahe arupa kumpulaning tembung:
tetandhingan (perbandingan), pepindhan (perumpamaan),
utawa pepiridan (saemper pasemon „samaran‟).
Tuladhane unen-unen sajroning puisi modern utawa geguritan
kanthi irah-irahan Sunan Kalijaga
, ing dhuwur:
Unen-unen Tegese lugu Karepe
Tembang rawat- Lamat-lamat swara Pawarta kang
rawat, bakul tembange wong sumebar keprungu
sinambewara bebakulan tekan ngendi-endi
martakake papan
sawijining bab
Gumebyar rupa Mencorong kaya Banget narik
mas sinangling mas disepuh kawigaten merga
endah lan cahyane
Tinubruk mong Ditubruk macan Kaget banget
luput ning ora kena
Urip peteng tanpa Uripe sarwa Kecingkrangan,
lampu bingung tanpa nandhang reribet
pepadhang
Tantri Basa kelas 6 kaca 42