Page 4 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 4
Sawise bebarengan nyemak gambar lan geguritan mau, kita
bakal meruhi, cetha yen kabeh mau ana sesambungane karo
gegambaran tartamtu. Gegambaran ngenani tokoh utawa paraga
kang kawentar ing jagading sejarah nasional Indonesia.
Saiki coba wangsulana pitakon-pitakon iki:
1. Apa tegese tetembungan Wali Sanga?
2. Sapa wae tokoh sajerone gambar Wali Sanga ?
3. Sapa salah sijine tokoh Wali mau kaya kang dijlentrehake
sajerone geguritan?
4. Apa wae sing wis ditindakake dening para wali mau?
5. Sapa wae sing kacetha sajerone gambar 2 ing dhuwur?
6. Apa bedane Wali Sanga karo tokoh-tokoh ing gambar 2?
7. Piye kalungguhan lan lelabuhane (peranan) tokoh-tokoh
kang kacetha ing gambar 2?
Yen wis kokwangsuli kabeh pitakon mau, catheten kabeh, sajerone
bukumu. Catheten uga katrangan iki:
Teks mau awujud guritan (puisi). Apa kowe kabeh
wis ngerti, apa ta guritan iku? Guritan kuwi perangan saka
reriptan sastra. Basane kaiket nganggo paugeran
tartamtu. Kejaba kudu endah, basane guritan kudu manut
paugerane wirama, matra, rima, lan carane nyusun pada
(bait) lan larik. Jinise guritan Jawa ana loro: guritan
tradhisional (kaya tembang macapat, singir, lan
sapanunggalane) lan guritan modern (wujude geguritan).
Sajerone puisi Jawa modern kang katelah geguritan,
bisa diweruhi panggunane basa kang ora sabaene.
Tegese, kaiket karo rerengganing basa utawa „perhiasan
bahasa, kalebu basa pinathok. Tuladhane kaya unen-
unen, kang wujude kaya paribasan, bebasan, lan saloka.
kaca 37 Tantri Basa kelas 6