Page 22 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 3)
P. 22

GLADHEN

                                              WULANGAN 3


                  A.  Semaken teks wacan ngisor iki kanthi setiti!

                                        Nututi Layangan Pedhot

                        Ing  wayah  bengi  Pak  Suta  kelangan  kandhi  isi  kacang  ijo,
                  esuke  lapur  marang  Kyai  Bekel  (yen  jaman  saiki:  lurah).  Sanalika
                  Kyai  Bekel  kongkonan  anggoleki  sakiwa-tengening  desa,  sarta
                  anggledhahi omahe wong ing desane dhewe, nanging ora ketemu.
                        Sarehne  Kyai  Bekel  sumelang  yen  diluputake  parentah
                  (pimpinan),  mulane  banjur  kongkonan  maneh  wong  telu,  diopahi
                  nyaringgit.  Enggone  nggoleki  wus  oleh  salapan  dina,  durung oleh
                      ,
                  titik malah-malah Kyai Bekel isih kelangan dhuwit maneh kanggo
                  ngopah-opahi.
                        Gunggunge  dhuwit  kang  kagawe  golek  katrangan,  wus  tikel
                  sapuluh  karo  ajine  kacang  mau,  nanging  meksa  durung  bisa  oleh
                  katerangan.  Kawuwuhan  bareng  priyayi  Dhistrik  (jaman  saiki:
                  kecamatan)  ngrungu,  yen  ing  desa  kono  ana  wong  kemalingan,
                  bekele ora tumuli lapur, Kyai Bekel banjur katimbalan sarta didukani
                  akeh-akeh.

                                                                     (Serat Paribasan,
                                                    Dening Aryasutirta, 1931 : 788)


                  B.  Wangsulana   pitakon-pitakon iki :

                      1)  Apa irah-irahane wacan mau?
                         ....................................................................................
                      2)  Crita mau paragane sapa wae?
                         ....................................................................................
                      3)  Apa wae sing dirembug sajerone crita?
                         ....................................................................................


                  kaca 55                                                  Tantri Basa kelas 6
   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27