Page 2 - Part 1 Geguritan_Neat
P. 2

2.  Geguritan gagrag énggal
                   Geguritan gagrag énggal ngginakaken basa Jawa jaman sapunika lan dipunserat nganggé aksara latin,
                   lan sampun ngginakaken kertas/dluwang. Geguritan gagrag énggal boten kapérang wonten ing pupuh–
                   pupuh tembang lan boten nganggé tembung “sun gegurit”, sampun boten kawengku guru gatra, guru
                   lagu, lan guru wilangan, pramila jinising  geguritan gagrag énggal punika saged dipunwastani puisi Jawa
                   bebas.

               B.   Geguritan ingkang saé prayoginipun ngemot unsur-unsur, inggih punika:


               1.  Kaéndahan
                  Kaéndahaninpun geguritan kadhapuk lumantar:
                  a.  pamilihing tembung-tembung ingkang mentes, nges, lan pantes.
                  b.  migunakaken leléwaning basa ingkang saged nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat
                  c.  migunakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaéndahanipun.
               2.  Piwulang/Pendidikan
                  Geguritan kajawi ngemot kaéndahan, ugi ngemot piwulang. Kanthi geguritan, saged suka patuladhan lan
                  pitutur ingkang saé, sarta migunani kanggé sanguning gesang ing alam  donya.
               3.  Nuwuhaken raos tresna
                  Geguritan  prayoginipun  saged  nuwuhaken  raos  tresna  ingkang  migunani    tumrap  masyarakat,  awit
                  lumantar geguritan saged nyuntak gagasan-gagasan tumrap majengipun nusa lan bangsa. Raos tresna
                  ingkang tuwuh inggih punika raos tresna dhateng sasaminipun manungsa, dhumateng Gusti Ingkang
                  Kawasa lan dhateng lingkungan.
               4.  Wetah
                  Isining geguritan kedah wetah lan nyawiji ing antawisipun pèrangan-pèrangan unsur ing geguritan, boten
                  saged madeg piyambak-piyambak.


               C.  Ingkang kedah dipungatosaken rikalanipun maos geguritan:
                   a.  Wicara (basa, pakecapan)
                      Nalika  maos  geguritan  pocapan  kedah  cetha,  boten  groyok,  bléro  utawi  mangu-mangu.  Kedah
                      saged ngucapaken aksara kanthi leres, upaminipun mbédakaken aksara a /  o; t /  th; d / dh; lan
                      sapanunggilanipun
                   b.  Wirama
                      Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudutipun tiyang ingkang mirengaken. Sora
                      utawi boten iramanipun kaselarasaken kaliyan isining geguritan.
                   c.  Wirasa
                      Wirasa katrepaken kaliyan isining geguritan, upaminipun: nesu, gumbira, susah, kejem, wibawa,
                      getun lan sapanunggilanipun
                   d.  Wiraga (solah bawa, pasemon)
                      Ébahing badan lan pasuryan kedah dipungatosaken, kedah luwes (boten kaku) lan sampun ngantos
                      katingal kadamel-damel.

                   Supados wicara, wirama, wirasa lan wiraganipun saged saé, ingkang badhé maos kedah pados upaya
                   amrih mangertosi tegesipun tembung-tembung ingkang kaginakaken ing geguritan wau lan mangertosi
                   maknanipun.(kapethik saking warni-warni sumber)







                                WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta       45
   1   2   3   4   5