Page 4 - Part 1 Geguritan_Neat
P. 4

GEGURITAN 3

                     Pepalang ing Kaliurang
                     Déning:Sinar Indrakrisnawan

                      Crita asmara isih dawa Rinoncé
                      nalika pepacangan Ana ing
                      èrènging Kaliurang
                      Saiki ilang kabuncang tanpa rowang
                      Sowang-sowang.
                                 Bumi katon asri nalika ngancik wiwaraning ratri Nalika
                                 srengéngé nggégé tekané
                                 Sandyakala, pindha ketemu èseming kenya ngancik remaja.
                      Swara manuk ocèh-ocèhan Keplantrang
                      ninggal pèncokan
                      Pupus sempal sakabèhing sesanggeman
                      Suwé ngrantu klédhangmu ing delanggung suwung Senajan
                      kudu kesandhung
                      Tumiba ing jurang Kaliurang.
                                 Mung swaramu
                                 Kang bisa nyisihké rasa kangenku Ngebatké
                                 nesu lan keselku
                                 Lan ngrenggani kabèh panyawangku Ngeket
                                 anget sepining wengiku.
                      Mendhung hangendhanu mayungi Kaliurang Nutupi
                      sakabèhing karep lan pengarep-arep Kèndhang
                      kasempyok kumriciking Kali Boyong.


                     GEGURITAN 4

                     YEN LAGI NAMPA COBA

                     Yèn lagi nampa coba
                     Sapa waé bakal krasa  lara
                     Ora kaya nalika lagi cekel panguwasa
                     Sruwa-sruwi katon bisa
                     Nggayuh bandha lan rajabrana
                     Mongkog nampa pangalembana
                     Mula aja gampang deksiya
                     Marang sapadha-padha

                     (Djaka Lodang no.21 tanggal 19 Oktober 2013)






















                                WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta
   1   2   3   4   5