Page 3 - Part 1 Geguritan_Neat
P. 3

TULADHA GEGURITAN


                                                      GEGURITAN 1

                                                           AKU

                                                       Aku iki aku Aku
                                                    iki udu kowé
                                                       Aku iki udu kaé
                                             Aku iki nduwé akèh kekurangan Nanging,
                                        aku uga nduwé sithik kaluwihan
                             Aku bisa mèsem ana ing kahanan ati sing ora mungkin bisa mèsem
                                                      (Déning : Rizkyajeng Pradnya Devi)

                                                       GEGURITAN 2

                                                           IBU
                                             Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
                           Menawa drijiku wis kithing amarga paling gething ngasah lading ngisahi cething.
                                             Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
                            Menawa kupingku wis budheg amarga ora peduli yèn Wong Tuwa lagi bunek
                                             Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
                                  Menawa mripatku wis wuta ora nggrahita susahé Wong Tuwa
                                             Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
                                 Menawa tanganku wis céko ora naté nyuntak wédang njero téko
                                             Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
                                 Menawa sikilku wis sèmpèr ora tau njèrèng gabah ana ngèmpèr
                                             Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
                               Menawa guluku wis tèngèng merga aleman lumrahé bocah cèngèng.
                                             Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
                   Menawa awakku wis lumpuh amarga ora mbiyantu Ibu kang lagi ngregiyek nyunggi Ki Ageng Butuh
                                             Apa aku bisa damel gurit kagem Ibu?
                                                   (Déning Triwik Damarjati)




























                                WIBAWA, Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Daerah Istimewa Yogyakarta       46
   1   2   3   4   5