Page 211 - Kumpulan Soal Sumatif Tengah VII,VIII dan akhir semester genap IX
P. 211
SOAL SUMATIF TENGAH SEMESTER 2 Nama:
KELAS VIII
SMP KREATIF AN NUR TAHUN PELAJARAN 2023/2024 Kelas :
I. Wangsulana pitakon- pitakon kanthi milih wangsulan sing paling bener!
1. Pacelathon tegese ....
a. beda karo percakapan utawa dialog ing Basa Indonesia.
b. ing bahasa Indonesia diarani drama utawa teater.
c. pangudarasane pawongan ngenani sawenehe bab.
d. rembugane wong loro utawa luwih ngenani sawenehe bab
2. Pacelathon ana babagan sing gegayutan karo sopan santun, tata susila, lan tata pranatane basa kanthi ancas ngajeni
marang wong sing diajak guneman. Kang mangkono diarani . . . .
a. tata susila
b. solah bawa
c. unggah-ungguh basa
d. subasita
3. Guneman karo kanca kelas migunakake
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
4. Zevan: “ ..............................................”
Agung : “Lha wingi udane deres banget nganti udane ora ketok, dadi aku ora weruh ana dalan rusak. Mula aku banjur
tiba”
Sing dadi pitakonane Zevan yaiku . . .
a. Kapan kowe tiba saka sepedhah?
b. Geneya kowe bisa tiba saka sepedhah?
c. Ing ngendi kowe tiba?
d. Kepriye kahananmu sawise tiba?
5. Sari: ................................................
Ibu:”Iya sing ngati-ati muga gurumu nggal dangan “
Ukara kang trep diucapake dening Sari yaiku . . . .
a. Bu, kula bidhal dhateng griyane Bu Eka riyin kalian kanca-kanca.
b. Bu, kula nyuwun pamit badhe tuwi Bu Eka sampun gerah pinten-pinten dinten
c. Bu, kula badhe bidhal sekolah rumiyin.
d. Bu, kula pamit badhe sinau wonten daleme Bu Eka
6. Pacelathone bocah marang wong tuwa nggunakake basa. . . .
a. ngoko lugu
b. krama lugu
c. ngoko alus
d. krama alus
7. Pacelathone batur marang juragan nggunakake basa. . . .
a. ngoko lugu
b. krama lugu
c. ngoko alus
d. krama alus
8. Bu Dewi : Surti, kowe arep nyang ndi?
Surti : ..................................................
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku. . . . .
a. nyang omahe budhe.
b. dhateng dalemipun budhe.
c. nyang griyane budhe.
d. tindak griyane budhe.
9. Salah sawijine titikan teks pacelathon yaiku . . . . .
a. katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana)
b. mung nggunakake ukara crita