Page 213 - Kumpulan Soal Sumatif Tengah VII,VIII dan akhir semester genap IX
P. 213
Ukara pitakon kuwi migunakake basa ....*
a.ngoko
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alu
17. Bu Guru : Lho Ran, Bapakmu ki nyambut gawe apa ta?
Siti : ...............................................
Jawaban sing trep tumrap Siti miturut unggah-ungguhe yaiku....
a. Bapakku nyambut gawe ing kejaksaan
b. Bapakku kerja neng kejaksaan
c. Bapak kula ngasta wonten kejaksaan
d. Bapakku ora nyambut gawe
18. Cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku . . . .
a. loro utawa luwih
c. siji utawa luwih
b. akeh banget
d. ora bisa dietung
19. Supaya ancase kang bakal dikandhakake ana sajroning pacelathon isa ditampa kanthi cetha, rembugan
kudu . . . . . .*
a. ngambra-ambra
b. jumbuh karo bab kang diomongake
c. ngayawara
d. milih-milih sapa kang diajak rembugan
20. Nalika nulis teks pacelathon kudu cekak aos , tanda wacan sawise jeneng paraga yaiku. . . .
a. tandha kurung
b. tandha seru
c. tandha titik loro
d. tandha kutip
Gatekna pacelathon ing ngisor kanggo mangsuli pitakon no 21-25
Bu Lia:” Para siswa, ibu arep maringi pengumuman.”
Rudi : “ Wonten pengumuman napa, Bu?”
Bu Lia: ”Sasi ngarep sekolah nganakake saperangan lomba kanggo mengeti ambal warsa sekolah kaping 40
taun.”
Dini : “ Lombanipun napa kemawon , Bu?”
Bu Lia: ” Lha ya iku sing arep dakkandhakake. Sekolah nganakake lomba maca geguritan, nembang macapat,
sesorah, gawe poster sing ana gegayutane karo sekolah Iku mau lomba individu. Dene sing lomba antar kelas
ana lomba karesikan kelas. Mula ibu arep ndangu apa ana sing gelem maju lomba?”
Dika : “ Laras kersane majeng lomba nembang, Bu. Laras pinter nembang”
Bu Lia:” Bener kandhamu, Laras apa kowe gelem maju lomba kanggo wakil kelas iki?.”
Laras : ” Nanging kula lingsem, Bu. Dipirsani tiyang kathah ”
Bu Lia : ” Geneya ndadak isin? Wong nyatane kowe ya kerep maju lomba nembang. Piye gelem ora?”
Laras : ” Nggih Bu, kula purun ”
Bu Lia : ” Banjur sapa sing arep maju lomba maca geguritan, sesorah lan gawe poster? .”
Rio : ” Kula purun manawi damel poster, Bu”
Anggit : ” Kula purun majeng lomba sesorah manawi Fajar nderek lomba geguritan, Bu.”
Bu Lia : ” Geneya gelem maju yen Fajar ya maju lomba?”
Anggit : ” Amargi Fajar pinter damel geguritan, Bu. Swantenipun inggih sae tur cetha ”
Bu Lia : ” Miturut panemumu, kepriye Fajar ?”
Fajar : ” Nggih Bu, kula purun ”
Bu Lia : ” Yen ngono kabeh kudu nyengkuyung kanca sing maju. Banjur wiwit saikikita kudu miwiti ngresiki
kelas lan ngrenggani supaya katon endah ”