Page 212 - Kumpulan Soal Sumatif Tengah VII,VIII dan akhir semester genap IX
P. 212
c. diparagani dening pawongan siji
d. nggunakake ukara sing ngambrawara.
10. Gatekna teks ing ngisor iki!
Andik : Assalamualaikum
Pak Danu : Waalaikumsalam, mangga nak, kene mlebu kene.
Andik : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Danu : Njanur gunung dolan mrene, ana perlu apa kok sajak wigati banget banget.
Dewi : Menika lho pak, kula sakanca pengin ngerto usaha krupuk puli kagungan panjenengan.
Pak Danu : Apa bae sing pengin dingerteni nak?
Andik : Punika lo pak, kanca-kanca pengin ngertos Usaha panjenengan.
Dewi :. Punapa naminipun usaha krupuk panjenengan pak?
Pak Danu : Usaha krupuk iki dakjenengake ”Sumber Rejeki”
”Njanur gunung dolan mrene, ana perlu apa kok sajak wigati banget”.
Tembung njanur gunung tegese ....
a. godhonge klapa
b. blarak enom
c. kadingaren
d. godhong aren
11. Teks ing dhuwur nggambarake kegiatan . . . .
a. pacelathon
b. wawancara
c. dhialog
d. omong-omongan
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Anik : Kula nuwun.
Pak Karji : Mangga nak, kene mlebu kene.
Anik : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Karji : Ana perlu apa kok sajak wigati banget.
Dewi : Punika lho pak, kula pengin ngertos bathik
Kagungan panjenengan.
Pak Karji : Apa bae sing pengin dingerteni nak?
Anik : .........................................................
Pak Karji : Usaha bathik iki dakjenengake "Sekar Jagad"
. 12. Kanggo nggenepi pacelathon ing dhuwur ukara sing trep yaiku ....
a. Apa jenenge usaha bathik sampeyan pak?
b. Punapa naminipun usaha bathik panjenengan pak?
c. Sinten naminipun usaha bathik panjenengan pak?
d. Sapa jenenge sing duwe usaha bathik pak?
13. "Ana perlu apa kok sajak wigati banget. " Tembung wigati tegese ....
a. temenan
b. gumun
c. penting
d. pengin
14. Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud . . . . .
a. gancaran
b. imbal wacana
c. bait
d. geguritan
15. Sakabehe ukara ing teks pacelathon iku nggunakake . . . .
a. ukara kandha (kalimat langsung)
b. ukara crita (kalimat ora langsung)
c. ukara pakon (kalimat perintah)
d. ukara panjaluk (kalimat permohonan)
16. Sampeyan sampun nedha dereng?