Page 99 - Kumpulan Soal Sumatif Tengah VII,VIII dan akhir semester genap IX
P. 99
- Isine apik lan becik, kadang ana sindiran, kritik, piweling.
- Nggawe tembung kang apik
17 Migunaake basa ngoko misale ing ukara "kowe sapa lan saka ngendi G Nilai budi pekerti
pinangkamu"
18 manggon ana ing bumi iku ora perlu tuku tur nyewa, H ing gatra kapapat
19 Sing duwe bumi I Ing gatra katelu
20 Ngajak para manungsa supaya njaga lan ngopeni bumi kanthi becik, J Unggah-ungguh basa
supaya ora kena tangan-tangan wong kang arep ngrusak mung kanggo
kaperluane dhewe.
Wacanen geguritan iki kanthi patitis!
KAHANAN WAYAH ESUK
Awan kanthi bulak
Kahanane peteng dhedhet
Kabeh pada keblowok turu kepati
Tanpa raga tanpa swara
Ora watara suwe
Wengise wengi sing kumlebat
Karosane ilang tanpa tilas
Kasentor ublik katon gagah
Sapungkure iku
Ngundang etan gedhe, ngancik wayah esuk
Kawiyak sunaring srengenge
Surya ngrembaka maneh
Kabeh pada tangi
Kabeh pada bungah
Kabeh kewan sumringah
Kembang-kembang semburat maneh
Muhammad Khoirunnas 5 Maret 2012 22.30
III. Yen wis maca geguritan, wangsulan pitakon- pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. a. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?
b. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?
2. Geguritan ing dhuwur iku nerangake bab apa?
3. Basa rinengga apa bae kang tinemu ing guritan?
4. Gambarna apa sing kokweruhi ing geguritan mau!
5. Tulisen pesan moral / amanah kang tinemu ing geguritan mau!