Page 22 - Menjadi Muballigh Yang Menarik
P. 22
Lampiran
1. Puisi-puisi
Kang Selamat lan Kang Dilaknat
Ahmadi
Urip ono ing jagat pancen singkat
mulo ngati-ati lan cermat
ojo sembrono ojo nekat
miturut, mituhu piwulang kebak ing taat
piwulang Al-Qur’an kang kebak hikmat
Ojo dumeh pejabat
lali ngibadah lali sholat
senenge khianat demen nglarani rakyat
rakyat kudune taat marang pejabat kang amanat
Ora rakyat ora pejabat
yen demen laku jahat
marang Allah ora taat
marang sepodo-podo ora hormat
sugih bondo nanging ora zakat
wajibe ngaji nanging ora mangkat
sakwise tuwo stroke kumat
during tobat tamat riwayat
besok neng akhirat bakal pinaringan laknat
disikso dening malaikat
larane ora mekakat ora podo kuat
isane mung sambat-sambat
ora mati among sekarat
sakjekjumlek tanpo kendat
Menjadi Muballigh Yang Menarik ------ 21