Page 58 - MODUL 1
P. 58

I.  Pilihen salah sijine jawaban nang ngisor kiye kanthi menehi tanda (x), nang
                    aksara a, b, c, d, utawa e sing dianggep paling bener!

                1.  Tembang macapat kang nggambaraken manungsa ngalami mudha lan taruna yaiku….
                    A.  Maskumambang                               D. Mijil
                    B.  Kinanthi                                   E.  Asmarandana
                    C.  Sinom
                2.  Sasmitane tembang sinom yaiku….
                    A.  mungkur                                    D. titi wong anom
                    B.  kanthinira                                 E.  asmara
                    C.  wijiling tapa
                3.  Saben tembang macapat nduweni watak. Kang kalebu watake tembang sinom
                    yaiku….
                    A.  sereng                                     D. sumanak
                    B.  sedhih                                     E.  trengginas
                    C.  galak
                    Teks Tembang Sinom kanggo no. 4 - 7
                         Nuladha laku utama
                         tumraping wong tanah Jawi
                         Wong agung ing Ngeksiganda
                         Panembahan Senapati
                         kapati amarsudi
                         sudanen hawa lan nepsu
                         pinesu tapa brata
                         tanapi ing siyang ratri
                         amemangun karyenak tyasing sasama.
                4.  Sekar sinom ing nginggil, guru wilangan lan guru lagunipun ingkang leres inggih
                    punika….
                    A.  8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a        D.  8i, 8a, 9a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
                    B.  8a, 8i, 8a, 8i, 6i, 8u, 7a, 8i, 12a        E.  8a, 8i, 9a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
                    C. 8i, 8a, 8a, 8i, 6i, 8u, 7a, 8i, 12a
                5.  Sekar sinom ing nginggil, guru gatranipun ingkang leres inggih punika….
                    A.  8 gatra                                    D.  9 gatra
                    B.  7 gatra                                    E.  6 gatra
                    C.  5 gatra
                6.  Sekar macapat sinom ing nginggil, isinipun inggih punika….
                    A.  manungsa kudu seneng hawa lan nepsu.
                    B.  manungsa kudu ngendelna hawa lan nepsu.
                    C.  manungsa kudu bisa ngurangi hawa lan nepsu.
                    D.  manungsa kudu bisa nambahi hawa lan nepsu.
                    E.  manungsa urip kudu nganggo hawa lan nepsu.
                7.  Tanapi ing siyang ratri. Tembung ratri ing pethilan tembang punika tegesipun….
                     A. awan                                       D. esuk
                     B. sore                                       E. mbengi
                     C. wulan


                             58        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   53   54   55   56   57   58   59   60   61   62