Page 61 - MODUL 1
P. 61
A. Perang Brubuh D. Perang Bubat
B. Perang Bharatayuda E. Perang Puputan
C. Perang Kembang
Wacan Wayang kanggo no. 25 - 26
Werkudara iku satriya ing Jodhipati. Wekudara minangka anak keloro saka
Dewi Kunthi, titisan saka Bathara Bayu, saengga asring disebut Bayu Tanaya. Awit
putra nomer loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Isih
ana sebutan liyane kayata Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa,
Kusumadilaga, lan Jayalaga. Kacarita laire Bratasena awujud bungkus. Kabeh
gegaman ora tumama. Mung Gajah Sena kang bisa mbedhah bungkuse. Sawise
dibedhah bayi mau diidak – idak, ditaleni, digadhing ananging malah saya gedhe.
Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika.Suksmane nyawiji karo
Bratasena. Werkudara duwe garwa telu yaiku Dewi Nagagini, Dewi Arimbi lan Dewi
Urang Ayu. Karo Dewi Nagagini peputra Raden Antareja kang kang awake duwe sisik
kaya ula. Karo Dewi Arimbi peputra Raden Gathotkaca kang duwe siung. Dene karo
Dewi Urang Ayu peputra Raden Antasena kang duwe sungut.
25. Miturut wacan ing dhuwur, gamane Raden Werkudara yaiku….
A. cakra D. gada wesi kuning
B. panah pasopati E. keris pulanggeni
C. kuku pancanaka
26. “Wekudara minangka anak keloro saka Dewi Kunthi, titisan saka Bathara Bayu,
saengga asring disebut Bayu Tanaya”. Tembung tanaya dasanamane….
A. bapak D. paman
B. eyang E. anak
C. kakang
27. Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku dadi tanggung jawabe….
A. Pengrawit D. Waranggana
B. Pengantene E. Panatacara
C. Para tamune
28. Solah bawa lan tingkah laku nalika dadi panatacara uga diarani….
A. wicara D. wiraga
B. wirama E. wirasa
C. wewarah
29. Dhumateng para rawuh ingkang pantes sinudarsana. Langkung rumiyin kula
dherekaken ngaturaken puja-puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang
Maha Asih, dene kula kaliyan panjenengan saged pinanggih kanthi rahayu ing
siyang punika.
Paragraf ing dhuwur kalebu….
A. purwakaning adicara D. panutuping adicara
B. paring ular-ular adicara E. pandonga dhateng para tamu
C. paring pitutur
30. Para rawuh ingkang pantes sinudarsana. Sinudarsana tegese.....
A. saged ditingali D. saged diconto
B. saged ditulungi E. saged dititi priksa
C. saged disuwuni tulung
61
BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap