Page 60 - MODUL 1
P. 60

C.  Pekalongan
                18. Kejaba tela, bahan kang bisa kanggo gawe gethuk yaiku….
                    A.  pelem                                      D.  dhuku
                    B.  rambutan                                   E.  nanas
                    C.  gedhang
                19. Ing ngisor iki kang kalebu panganan tradisional Jawa yaiku….
                    A.  bika ambon                                 D. ciwel
                    B.  pizza                                      E.  burger
                    C.  bakpao
                20. Carita Mahabharata dipunanggit dening….
                    A.  Walmiki                                    D. Prapanca
                    B.  Kanwa                                      E.  Byasa
                    C.  Tantular
                    Wacan Wayang kanggo no. 21 - 24
                                           Mulabukane Perang Bharatayudha
                               Sadurunge  mandhita,  Begawan  Abiyasa  kuwi  Ratu  Ngastina  kang  jejuluk
                    Prabu  Kresna  Dwipayana.  Prabu  Kresna  Dwipayana  duwe  anak  telu,  yaiku  Raden
                    Destarastra, Raden Pandhudewanata lan Raden Widura. Raden Destarastra mripate
                    wuta. Raden Pandhu gulune tengeng. Raden Widura sikile gejik. Anake ratu Ngestina
                    telu-telune cacat. Gandheng Raden Destarastra wuta mula ora dadi ratu. Sing madeg
                    ratu Raden Pandhu. Jejuluke Prabu Pandhudewanata. Prabu Pandhudewanata duwe
                    anak  lima  lanang  kabeh, mula  dijenengi  Pandhawa.  Pambarepe  Raden  Puntadewa,
                    panenggake Raden Bratasena, penengahe Raden Janaka lan kembar Raden Nakula -
                    Sadewa .
                               Raden  Destarastra  duwe  anak  satus  dijenengi  Kurawa,  putrane  lanang
                    cacah  99  dene  sing  wadon  mung  siji  jenenge  Dewi  Dursilawati.  Pambarepe  Raden
                    Jaka  Pitana  utawa  Duryudana.  Raden  Dursasana,  Raden  Kartamarma,  Raden
                    Durmagati, Raden Citaraksa lan Raden Citraksi. Prabu Duryudana murka ora gelem
                    mbalekake  negara  Ngastina  sanajan  mung  dijaluk  separo.  Prabu  Puntadewa  ya
                    murka,  wis  duwe negara  isih  kemelikan  njaluk negara  warisan.  Pungkasane  perang
                    Barathayudha para Kurawa mati kabeh.
                               Pasedulurane  Kurawa  lan  Pandhawa  ora  kena  kanggo  tuladha,  jalaran
                    paten-patenan mung amarga rebutan warisan. Kamangka jeneng sedulur mono kudu
                    rukun. Kaya unen-unen kuna ”Rukun agawe santosa crah agawe bubrah”
                21. Ing ngisor iki putrane Prabu Kresna Dwipayana yaiku .....
                    A.  Raden Duryudana                            D. Raden Puntadewa
                    B.  Raden Pandhudewanata                       E. Raden nakula
                    C.  Raden kartamarma
                22. Adhedhasar cerita pewayangan ing ndhuwur, sing mripate wuta yaiku .....
                    A.  Raden Duryudana                            D. Raden Sadewa
                    B.  Raden Widura                               E. Raden Pandhudewanata
                    C.  Raden Destarastra
                23. Perange Pandhawa lan Kurawa iku amarga rebutan negara .....
                    A.  Ngalengka                                  D. Ngastina
                    B.  Mandura                                    E.  Sawojajar
                    C.  Jodhipati
                24. Wondene cerita ngenani perange Pandhawa lan Kurawa iku diarani ....



                             60        BAHASA JAWA - SMA/MA - Kelas X Semester Genap
   55   56   57   58   59   60   61   62