Page 95 - EBOOK_Struktur Bahasa Jawa di Perbatasan Jawa Tengah dan Jawa Timur Bagian Utara
P. 95
84
Wacana ke-3
A Kowe ape ning endi Cung?
B Ajeng wangsul teng Pathi, mbah.
A Lhoh, kok meleh saiki iku apa wis mlebu?
B Empun mbah.
A Lha piye iki aku mbok ewangi icir dhisik? Tah mbok tinggal.
B Ngengken Lik Parmin rak empun ngoten mbah. Lha kula mpun
njing-injing.
A Ya wis nek ngono, nyoh iki nggo sangu. Nanging ya muk iki cah,
wong ancene ya tanggal tuwa. Kathek ndek ingi dinggo tuku bibit.
B Nggih, mbah matur nuwun ml:>ah. Kula tilar nggih mbah.
A Ya, sing ati-ati ya.
Wacana ke-4
A Eh, cak iku ndak kemenyek.
B Lha piye no yuk.
A Lha iku delok lek mlaku kathik digawe gawe.
B Kok ana yu, ya ora leh. Ya nek sikile Iara. Ya ngono kok yu sikile
Iara entara.
C Kok dha nggladrah, ancene wis ngono iku.
A Eh masaalah, kok mboh eman cak. Bocah nggatenge ngono kok
ciri.
B lya, anake Pak lnggi sing nggantheng dhewe iku.
Wacana ke-S
A Mangga, mas . ...
B Mangga, dhek napa angsale ngriki.
A Ndek siang, ewet napa mas kok bethengan.
B Neki lho mas timbangane ngganggur ndamel-ndamel dhingklik.
A Wah, kados tukang nggih. Pareng riyin mas ....
B Mangga-mangga, ajeng teng pundi no?
A Ajeng niki lho adus teng belik.
B Wah, nek teng belik niku toyane asrep boten kantenan.
Wacana ke-6
A Gek apan cung entuken rene?
B Nembe Lik.
A Ambek sapa baturem?