Page 100 - EBOOK_Struktur Bahasa Jawa di Perbatasan Jawa Tengah dan Jawa Timur Bagian Utara
P. 100

89


           A      Ngka  ndak  didhelikna  Basuki.  Angger didhelikna nek gak  tak jotos
                  iki lho.
                  (Tekan omah wis muleh saka kuliah, langsung ditakoni).
           A      Kowe  ngerti  buku  sejarahku  sing  kok  ndhuwur  meja  kene  Bas?
           D      Sumpah aku gak roh nDon.
           A      Lha terus ning endi leh, cah, cah.
                  (Esuke  bareng aku resik-resik  tempat tidur aku eroh buku semlepet
                  ning pinggiran kasur ).
           B      Lha iki apa bukumu nDon.
           A      Yaa, Allah, kecekel nek endijik Kim.
           B      Alaaah salahem dhewe ngono  kok nDon. Kowe klalen nek mbokok
                  dhewe sakwise kowe sinau ndhik ingin ngono kok.
           A      lya ek Kim, aku klalen, sepurane ya!
           B      Wong nom kok wis gampang dangklingan.

           Wacana  ke-14
           A      Pak, kula enjing-enjing nedhi yatra Rp  I.000,00  kangge urunan per-
                  pisahan Ian kangge nyumbang bencana Galunggung.
           B      Lho ! kok  agi  saiki  leh,  kandha  kau ya kurang seminggu, lha pira,
                  dadi aku isa nyedhiakna.
                  Lha  nik mbok dadak ngene  iki aku ya gak isa ngelekke, olehe duwe
                  ja ngendhi.  Dhuwika wis  diblanjakna makem kabeh nggo persediaan
                  bada.
           A      Sak  jane  angsale  nyanjangi  enggih  empun dangu.  l.ha nanging kula
                  ndhek  wingen-wingenane  rak  sakit  (mbokten  saget  rnlebet ), dados
                  nggih  mbokten  ngertos.  Ngertos-ngertos  nembe  rnlebet  wingi niku.
           B      Oh, iya, ya, ya wis  nek ngono  tak golek-golekna, tak selakne lek em
                  sedhelak.  Umpama  telat  sedina  ngono  rak  ora  apa-apa  leh Ndhuk.
           A      Peraturane  enjing  niku,  empun  dinten  bar-baran,  mboten  ah,  Pak,
                  ampun ngatos telat, Angger mbayar kok mesthi telat, kula isin kalih
                  kanca-kanca.
           B      Alah Ndhuk, Ndhuk telat ngono ae kok isin. Bapakem iki dadi pega-
                  wai  ngono  ya isa ngatur supaya gak telat. Ha rnlebune dhuwik ae gak
                  isa  dimesthekna,  kadhang-kadhang  akeh,  kadhang-kadhang  sithik,
                  malah kadhang-kadhang ogak njaluk dhuwik, ya terus dienggo liyane
                  sing  sajake  perlu. Lha nik ogak ana dhuwik kowe njaluk. Ya ancene
                  angel tenah tanggoh-tanggohane je! Lha bok ngene ae nduk, Nek aku
                  pas ana dhuwik kowe tak keki terus celengana, Iha mengko  nik ana
                  perlu  celengane isa didhudhah.
   95   96   97   98   99   100   101   102   103   104   105