Page 104 - EBOOK_Struktur Bahasa Jawa di Perbatasan Jawa Tengah dan Jawa Timur Bagian Utara
P. 104

93



                  suk esuk nik jukunge miyang along tak ijoli.
           B      Ya, wisya.
           A      Lo, lo, lo iki sogoke cablok piye leh gung.
           B      La ya ngene iki, sepedha kok dho mrotholi kabeh.

           Wacana ke-19
           A      Min,  iki  ajangem, iki segane Ian  iku dudohe jipuk dhewe, kaya aku
                  ngene Ibo nik mangan akeh, imboh sepisan wis sak piring mbethethet.
           B      Dul,  wis  sah  aja  repot-repot  nglageni  aku,  aku  tak njupuk  dhewe,
                  wah mathuk tenen kelane makem, aku seneng tenan je.
           A      Aku  maneh,  nik  enak  kelan  ngene  iki aku nik mangan isa ngantek
                  kuwaregen kaya ndhik ngingenane.
           B      Dul, kowe apa  seneng dudoh petis bumbon, agak-agake gak patekna
                  nek aku malah cocok jangan asem.
           A      Lha iki padha karo aku.
           B      Layakan  ndhik  negingenane  aku  ndelok  kowe  mangan  nggojos  ae
                  duduhe  mbok  uyub  srupat-sruput,  kayane  kok  seger  temenan  leh,
                  sidane ngantek mbok ping pindho Dul?                  -
           A      Apane leh, ndak no  rong  piring, pancen je jarene makku, aku iki bo-
                  cah sing kakehan mangan.
           B      Haa, pantes mulane awakem ketok tambah mbentot.
           A      Kok ana leh, Min.
           B      Lha kok ora ngandel, jajalan nik  bar mangan ngocoa, engko rak ko-
                  we  agek  ngguyu  nik  awakem  iku  wis  ameh  padha  dhagelan  Jajal
                  ndhik ujeh urip.
           A      Min,  Min,  kowe  kuwe  kok  isa  athik-athik  ae,  wis  ndang ditutukna
                  nik mangan engko ndhak malah keselak.
           B      lya, je, guneman terus, aku nganti seretan, Jake aku jukukna kendhi
                  iku, aku tak glogo.k sedhelok ben gak seretan ngene !

           Wacana ke-20
           A      Ooten  napa,  onten  napa?  Sinten  sing  ngengken  mateni,  sinten?
           B      Mboten kok Pak, mboten onten!  Niku rak kanca-kanca samo emosi
                  margi mating niku mboten purun ngaku.
           A      Ngertos  mboten,  nek  negara  niki  negara hukum, sing nduweni hak
                  ngasut perkara niku pulisi. Sing ndunungake klirune niku pengadilan.
                  Ora sak kepenake dhewe.
                  Ora kena tumindak sak karepe ngono. Kabeh-kabeh iki wis ana atu-
                  rane.  Aja  padha sembrana, iki mau nak ngati priye? Lha kok keplim-
   99   100   101   102   103   104   105   106   107   108