Page 107 - EBOOK_Struktur Bahasa Jawa di Perbatasan Jawa Tengah dan Jawa Timur Bagian Utara
P. 107

. -
                                            96


               A       Sanes Bu! Muntaber niku muntah berak, berak niku ngising.
               B      0,  muntah  ngising?  I.ha niku nik· mboten gendhuk niku rak nggih
                      saged ugi?
               A      Larene  lbu niki termasuk kenging muntaber, nanging lbu ampun me-
                      lang,  niku dereng  kasep.  lnsya Allah gampil dipun obati. lbu sing re·
                      sikan, nggih? Banyu ngombe kcdah digodhog rumiyin. I.ha niki resep
                      kangge mundhut obat ning apotek.
               B      lnggih,Pak.


               Wacana ke-22
               A      Selamat pagi, Anak-anak!
               B      Selamat pagi, Bu!
               A      Bocah-bocah, sak niki dinten napa, hayo?
               B      Jumat, Bu!
               A      Bubar Jumat dinten napa?
               B       Sabtu, Bu!
               A      Enggih. Njur, nik dinten Sabtu dhateng pundi nggih?
               B      Taman Kartini, Bu. Bandulan! Jompatan!
               A      Sesuk  tangine  kudu  gasik.  Aja  lali  yen  tangi  turu  ku46  .  .  . nata
                      paturone, nata bantal, guling, kemul, sepreine sing rapi, irus pakpung.
                      Hayo, sapa sing bisa pakpung dhewe?
               B      Kula, Bu! Kula Bu!
               A      Inggih!  Pinter.  Sakniki  bocah-bocah  dha dolanan dhewe ning  njero
                      kelas. Milih dolanan sing disenengi, saged nggih? Ning lemari!
               B      Kula  mileh  golekane,  Bu! Kula  montor-montoran.  Kula  slompret-
                      slompretan. Kula sepur-sepurane, Bu!
               A      Nggih,  nggih!  Mengko  tak  pundhutake  sendhok,  garpu,  wakul,
                      mangkok, lan piringe, nggih?





















                                                                                    .
                                                                                    -~
   102   103   104   105   106   107   108