Page 106 - EBOOK_Struktur Bahasa Jawa di Perbatasan Jawa Tengah dan Jawa Timur Bagian Utara
P. 106

95



                  awake adhem panas ndhrodhok sedaya.
           A      0, lare niki?  Cabi kula priksane. Dipun tilemaken wonten mriku lho
                  Bu!
           B      Mriki, Pak?
           A      Dipun lumahaken mawon nggih?
           B      Ndhuk,  mlumah  ya  ndhuk?  Kowe  aja  wedi gak disuntik gak!  Pak
                                                      1
                  Dokter ki cocok nik  nggo  bocah kaya kowe ini merga gak tau gelem
                  nyuntik nik gak bangeten.
           C      Aku wedi Mak!
           B      Wis  sah,  meneng  ae,  sesuk  rak  mari. Mengko  nak kasep kaya Yati,
                  nyegwk wetenge  gak  ndang dipriksane, kasep  dadi malah mati. Ilea
                  lho doktere wis mrene.
           A      Angsale kraos sakit napa sampun dangu?
           B      Dereng  kok  Pak,  nembe  kalih  dinten mboten purun madhang, me-
                  nawi dalu niku nangis mawon.
           A      Uia mawi muntah-muntah na nggih Bu?
           B      Nggih  enggih,  nik kula peksa-peksa madhang ngoten niku sekedhap
                  malih enggih muntah-muntah.  Uia ngoteniku jenenge penyakit napa
                  leh Pak?
           A      Sekedhap  enggih?  Kula  rampungne  riyin  mriksane,  mergi  kathah
                  penyakit  sami  gejalane,  nanging  penyakitipun  benteng  sanget.
           B      Mila  niku, kula nis-nis mawon.  Turene tangga-tangga niku anak kula
                  niki sakit  malaria ra  desentri.  Andhike niku nggih ngoten, gulune ni-
                  ku dienggo ngelek angel.
                  Biadane  niku  nek  kancingen  ngoten  niku  dikumaken  banyu  siung
                  warak  nggih  ndang mari.  Lha niki kok mboten mari-mari. Napa niku
                  manawi dangu-dangu rak saged gondhongen nggih Pak?
           A      Sanes  Bu,  Bu.  Niku menawi kemawon lha nggih sakit amandel, Ian
                  menawi sampun kasep kedah dioperasi.
           B      Operasi  napa  Pak,  rak  mrawasna tiyang, wong tangga  kula niku di-
                  operasi  sikile  sing  dha  sumbeg  niku  malah  dikethok  ture  ngotel'l.
           A      Menawi ngising-ngising kados pundi?
           B      Ngisinge,  Pak?  Mancur-mancur  terus lan wetewenge  muling-muling.
           A      lbu kedah ngatos-atos nggih? Ampun diparingi mangan sembarangan,
                  napa malin miki wonten dhaerah sanes nembe usume penyakit mun-
                  taber.
           B      Muntaber niku rak penyakit angin dhudhuk niku nggih Pak?
           A      0, sanes!
           B      Napa bidhure ra dabagen niku?
   101   102   103   104   105   106   107   108