Page 101 - EBOOK_Struktur Bahasa Jawa di Perbatasan Jawa Tengah dan Jawa Timur Bagian Utara
P. 101
90
A Nek ngoku kula nggih setuju Pak, lan Bapak ampun supe lho, mang-
ke dalu kesah enggene Paklik.
B Ya, Bapak ora bakal lali.
Wacana ke-1 S
A Rembuk desa kadosipun, ajeng diundur malih nggih Kang ?
B Duka. Kula mireng-mireng pancena enggih ajeng diundur malih.
A Kok ngateniku sak jane sepundi leh Kang?
B Mboh ya, wong kados ngoteniku pancene enggih tergantung sareka-
te. Lha malih-malih sanjange tasih repot. Enggih leres wayah tutup
tahun ngeteniku seradi repot timbang wulan-wulan sabene. Mbok pi-
ye carane, lah ngoten ah Dhik?
A Enggih kang, sing leres enggih kedah ngoten, napa malih niki bab
rembug desa, sing wektune niki sampun diatur, lha kok diundur-un-
dur nganti meh setengah sasi.
B Lha nggih ngoteniku, Nak sarekat sak lurahe pisan niku, nik mboten
nduweni bakat utawi kapinteran kangge nglampahake pemerintahan
desa.
A Pancen, saestu, ndhik wingi niku Pak Bayan ngeterake klentu nggene
tiyan wetanan ngrika.
B Saget mawon niku, ndak sampeyan niku rak buta huruf.
A Eeng, ngoten nggih, layak tageyane tiyang-tiyang dipun salap engen
kula, gadhahane kula dipun salap tiyang wetanan.
B Lha nik miturut sampeyan niki dhik saene sepundi supados kadade-
han ingkang kados ngeten niki. Sedheng desa-desa sanes ing kutha
Rembang mriki sampun lumayan kemajuan.
A Pripun nggih, ngoteniku pancene enggih engel, mbok menawi bab
niki salah usule.
B Asal-usule pripun lah Dhik?
A Niki le kang. ndhik nalika atakan (pilihan lurah).
B Lha niku-niku engkang leres.
Menawi saking mriku sampun sak lajengipun enggih ngoten niku te-
rus. Pripun sanget ngatur badanipun kiyambak, napa malih ngantos
ngatur desa.
A Lha rak jeg jemplek ngoteniku terus Kang?
B Kedahipun nggih saget berubah Dhik, nanging mbok konyok sithik,
niki mawon nik masyarakat meiki mboten nyadari anane grubyak-
grubyuk, bapak-bapak sak karepe dhewe enggih dangu saget-saget
berubah.