Page 103 - EBOOK_Struktur Bahasa Jawa di Perbatasan Jawa Tengah dan Jawa Timur Bagian Utara
P. 103

92



               A      Koypke mrica manyung, Iha em kelan apa?
               B      Mak  ku  rak  kelan,  marga  dijak  lunga  mbahku nik nggone  Blora.
               A      Nik ngono engko awan mangan ning nggonku ae. Wissah ora pa-apa,
                      aja sungkan, Bapak karo Mak iku seneng nik aku seneng tulung kan-
                      ca, lha kowe saiki amehan nik endi.
               B      Aku ameh nik kisik, mapak Bapak mbok menawa wis teka olehe ba-
                      wah nggone Tayu.
               A      Nik  ngono  saiki  nggoleki bocah-bocah dhisik kongsi, terus engko di-
                      jak  bal-balan ning kisik sisan, ngi.fas  ngenteni bapakem nik menawa
                      teka.
               B      Yaa, yuk, tapi aku tak salin suwal ala  sik, engko suwal iki mendhak
                      cepet  rusak,  nik  suwal  iki  rusak,  nik  emak  teka  aku  isa  diamuk.
               A      Yaa, tak enteni nik buk kene, aja lali nggawa sumpitan ya, enggo wa-
                      sit engko.

               Wacana ke-18
               A       U10, Geng  esuke ngene  kon wis mlipit, sajake kok kaya ameh nglen-
                      cer, ameh nik ndi kowe iki?
               B       Nek  endi  leh kang,  ndak ra  iki no, omeh adol pedhah, pedhah kok
                       neh.  Neh  rusak, nek ora rantene, dinamone, nik ra lare, wis sa poko-
                       ke mesthi ana ae.
               A       Eh, ameh nik pasar sepedha ta, layak esuke ngene. Ya, wis bener iki
                       mumpung dina Kemis ndang cepet-cepet ben dang payu.
               B       Lha nak kowe kirane ana dhuwik, tuku kowe ae rak wis, wis sah mu-
                       rah sithik ora apa-apa angger dhuwike kencreng.
               A      Wah,  ngrasakna  Geng,  nggo  asok  bank  desa  ae  rasane  abot  ngene
                       kok,  meneh  miki  tuku sepedha.  Nik  aku ya tak pilih mlaku ae gla-
                       thuk-glathuklah suwe-suwe rak tuk nggone no.
               B       Lho apa bankem gung mboh boti no.
               A       Kowe  iki  ra  ngrasakna,  aku  ana  rong sasi  muput iki gak  tuku oleh
                       kaya leh. Dadi ya gak nyekel dhuwik ko sigar guweng, kepengin nu-
                       kokna satin anak ae, ndik ingi mbakyunem lunga pak gadhe, kepeksa
                       gelange digadhekna siseh.
                B      Eh,  ya  wis  nek  ngono  aku tang ndang sepet-cepet, mumpung gung
                       ketelatan wong tuku.
                A      Tapi  biasane  nik  dina pasaran ngene  iki pasar rame, ngantek awana
                       ya  isih  rame, apa meneh iki rak agekan wae  panen blaka dadi akeh
                       wong  ndesa  padha tetukon ning  pasar. Ya, wis  suk ndang dipancal,
                       eh ya  ameh lali aku mekas, nik menawa ana rokok aku talangi sithik,
   98   99   100   101   102   103   104   105   106   107   108