Page 97 - EBOOK_Struktur Bahasa Jawa di Perbatasan Jawa Tengah dan Jawa Timur Bagian Utara
P. 97

86



               A      Lha kok nyegat  ning kene lah. Kana lho gemane ana. Nek ning kene
                      iku arang-arang ana.
               B      Teng pundi Kak?
               A      Kana  lho  nggon  pertelon pasar. Kana akeh, nangeng engko ngulone
                      mlaku.
               B      Lha sampeyan mboten mantuk Kak?
               A      Engko dhisik aku arep mampir ning nggone mertuaku.
               B      Kula tak kriyen nggih.
               A      Ya ... ya.

              Wacana ke-10
               A      Lik, nyilih kendharaane Lik.
               B      Ape mbok nggo ning endi.
               A      Ning nggone pasar sedhiluk wae.
               B      Gawanen, nanging bensine tiliki sik. Nek entek iseni ya.
              A       Iya wis leh, pokoke beres.
              A       Nyoh Lik kuncine, matur nuwun ya?
              B       Lhoh, Ko, sadhele iki mbo apakna kok suwek kabeh.
              A       Gene no.
               B      Iki delok leh lho kok tipake disileti.
              A       Lhoh.  Ndak ya lho.  Iki mesthi ana sing gething karo aku iki. Maeng
                      tak selehna ning ngarep langgar.
               B      Marahi  kowe  brawokan  iku  apa  nek  ning  pasar.  Mulane  montore
                      dirusak.
              Wacana ke-11
               A      Mas,  aku  wong  enom  keh  lupute,  ya  sepurane  wae sing akeh mas.
               B      Semono uga aku dhik, wong tuwa.
               A      Lik, lepat kula sepunten nggih Lik.
               c      Ya, Sis sebalike aku ngono.
               B      Lik, lepat kula sepunten nggih.
               c      Ya  Pri sebalike ya. Iki ape dha badan ning endi wae iki.
               A+B:  Ajeng teng nggene mbah. Ngga Lik.
               c      Ya, iya sing ati-ati ya.

               Wacana ke-12
               A      Mba Jaya, enten putune.
               B      En di?
   92   93   94   95   96   97   98   99   100   101   102