Page 2 - bahasa jawa geguritan kelas 7 (1)_Neat
P. 2

GEGURITAN







             Mbabar Wawasan


             Tugas 1:nyemak teks geguritan


               Coba gatekna tuladhane geguritan ing ngisor iki!
                                    TAMAN

                             Dening : J.F.X. Hoery
                                  Ing taman
                              Ing taman anakku

                        Tawon lan kupu rebutan madu
                    Kinjeng lan kombang rebutan kembang
    Angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudhup Kekedhering kinjeng lan
                                     kupu
                     Aja nganti mbokincup Sawangen wae

                                   Endahe.
                                  Ing taman
                              Ing taman anakku

                       Kupu lan kinjeng isih kapiadreng
     Tawon lan kombang ngenam panandhang Madu lan kembang ninggal
                                 kudhup esuk
     Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore Aja mbokguyu dheweke
                                   Sawangen

                              Ing biruning langit
     Kae papane kawruh lungit Lan ing kana uga aku titip Geguritan kang
                                   dakrakit.

    Padangan-Bojonegoro, 1986, Jayabaya, No. 28 tgl. 9 Maret 1986 lungit =
                          (Ind. rumit, namun indah)
   1   2   3   4   5   6   7